TANGGAP WACANA ATUR NDEREK BELA SUNGKAWA
Assalamu'alaikum wr. wb.
Innalillahi wa innaillaihi roji'un.
Bapak-bapak, Ibu-ibu para ta' jiyah ingkang kinurmatan.
Manungsa punika namung kagunganipun Gusti, dhateng Gustinipun titah punika badhe wangsul.
Nuwun!
Kula minangka wakilipun para ta'jiyah, nderek bela sungkawa, dhumateng ahli waris Bp. ........... sagotran (sakulawarga), ingkang nembe pikantuk pacobaning Gusti. Kanthi kunduripun Bp. ........... wonten ngayunaning Pangeran.
Salajengipun kula nderek lan memuji mugi-mugi rohipun almarhum/almarhumah ........... angsala berkah rohmating Pangeran, pinaringana jembar kuburanipun, lepas paranipun, pinaringana pajar marganipun, dipun apunten sadaya kalepatanipun, linebura sadaya dosa-dosa nipun, katampia amal kautamanipun, katampia ing ngarsaning Gusti allah SWT. Dipun panakaken wonten ing ngarsanipun Pangeran setimbang kaliyan punapa ingkang dados kautamenipun wonten ing alam bebrayan.
Mugi-mugi sadaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas, rila, lan narima ing takdir. Saha pinaringan sabar lan tawakal, lan kekiyatan lahir batin anggenipun ngleksanani darmaning agesang wonten alam bebrayan. Jer manungsa menika naming nampi punapa ingkang tinitahaken Pangeran. Manungsa namung titipanipun Pangeran ingkang sawanci-wanci kapundhut kita naming sadremi nglampahi, sumarah wonten ngarsanipun.
Wasana mbok bilih rikala sugengipun nggadhahi kalepatan dhateng para ta'jiyah. Kula atas nami para ta'jiyah kanthi tulus lan ikhlas nderek ndedonga mugi-mugi dosa lan kalepatan almarhum/almarhumah saged pinaringan pangapunten sih Pangeran lumantar para ta'jiyah.
24