hamas paosaken taruna kekalih.
Lumaksana jajar kalih adhampyak-dhampyak, punika ta warnanira para warara pangaraking lampah ingkang apindha putri dhomas. Sadaya sami sulistya ing warni, upamia puspita nembe nedheng-nedhenging mekar mangurah sari, mila pantes kalamun akaryo gawoking paningal langkung-langkung para jejaka ingkang humiyat kami tenggengen, panglucitaning wardaya bilih kawedarna ing lathi, "Adhuh-adhuh putri kok endah-endahing warni, kapan ya aku methik sawiji kaya sri penganten iki?". Maneka warna busanane kadya puspita kanjrahing salebeting taman.
Ing wuri para putri dhomas sumusul para kadhang santana miwah mitranira sri penganten, jumurung angombyongi kirabing panganten sarimbit.
Ingkang tansah tut wuri handayani lampahing panganten kekalih, minangka pethiting lampah, rama lan ibu ingkang hamengku gati. Bombong, berag sarta birawaning driya sang panutuping kirab, dene atmajane wus kalampahan jinatukrama ing kakung kang wus dadya pepilihing ati sarta kaiden dening para sepuh kang reh satataning nagari ugi saged nguningani dhauping atmaja sineksen dening ingkang para bela tresna.
Pramila jroning lumaksana pethiting lampah tansah asung pepuji ing salebeting driya; Mugi-mugi berkah lan pangestuning para sepuh andayanana mring sri penganten sarimbit.
Rikat nggenira lumampah sri penganten, hing dwaraning wisma pawiwahan wus kawuntat linangkungan dening sang suba manggala, sigra kakanthi manjing ing sasana busana, rucat kawaca kanarendran silih busana kapangeranan sang sri penganten.
21