Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

pati sayekti hadamel luluhing sagunging pamirsa. Sayekti pantes yenta pinitados dados manggalaning lampah, sakedhap-sakedhap noleh mawingking katingal sri panganten sekaliyan ingkang sampun ngrasuk busana pangeranan sayekti hanambahi pekik myang sulistya ing warni miwah kawibawanipun mancarong wadanane sumunar bingah tindha narendra mudha jumenengan enggal lamun cinandra pindha risang bagus Raden Dananjaya ingkang hanganti risang garwa Kusumaning Dyah Ayu Dewi Wara Sembadra arsa tindak lelana alelangen suka mring madyaning patamanan ingkang indah asri abdhi peni, ingkang kaderekaken sangyaning para putri dhomas kadya Widadari saketi kurang sawiji, ingkang maksih tetep stya andherekaken tindaking putra penganten sekaliyan. Sanadyanta maksih radi sawetawis anggenipun nyrantos ri sang penganten sekaliyan nanging maksih ketingal bingar pangageman ingkang den agem maksih katingal endah jalaran sayekti busana pinilihan ingkang samya den agem busana ingkang maksih enggal nembe medal saking pabrik, mila wonten ingkang sami angudarasa kados pundi raosipun nderekaken penganten sekaliyan.

Dhasar busananipun endah engkang angagem sulistya sulistya samya asarira sedheng kuning nemu giring pakulitane mawa cahya ingkang pepindha pakudhang samya areraton ing madyaning tetuwuhan. Katingal suka pari suka ing wardaya anderekaken tindakipun sri penganten kekalih.

Sakalangkung katingal suka penggalihipun inggih punika rama lan ibu ingkang taksih tut wuri handayani dupi nguningani ing salebeting wisma pawiwahan taksih kebag prayagung para pangarsaning praja ingkang mratandhani bilih maksih anggung palimarma barkah ingkang kaluberaken mring putra panganten sekaliyan ing satemah tansah manggih suka rahayu widagda nir sambikala.

Sampun prapti ing panti palenggahan putra penganten sekaliyan lenggah jajar ing kursi rinengga. Ing ngajab para wira praja manggalaning praja tansah kiniliran kanan kiring dening putri-putri timur sakembaran. Ingkang hangantos-antos dhawahing wahyu kamulyaning gesang.

17