gantos pangageman, punapa ta menggah pangageman ing kang den agem putra panganten sekaliyan, penganten sekaliyan mangagem busana kaunggulaning busana ingkang endah ing warni pating galebyar, pating karelap sumunare hangebaki salebeting wisma pawiwahan obyar sumunar kadya sesotya tinaretes kang kinarya rerengganing busana. Satemah hanambahi kawibawane putra panganten sekaliyan ingkang katingal pekik myang sulistya ing warni wadanane sumunar. Lamun cinandra sirna sipating janma pindho sang Yang Bathara Kumajaya miwah Bathari Ratih mangejawantah.
Tindaking sri panganten sekaliyan den arak patah sakembaran ingkang sarwa sami, dedeg piadege, hangagem busana ingkang sarwi kembar, dasar taksih timur. Inggih punika anak mas rara ............ dalah anak mas rara ............ ingkang hanggambaraken raos sih katresnan sri panganten kekalih ingkang datan saged tinisahan sakedap kemawon. Hanenggih sintenta ingkang pinitados subo mangga- laning lampah. Wenang den ucapna ajejuluk panjenengan ipun Bp. ingkang hanggadahi daya kawibawan agung ingkang satemah saged any irep saliring tumindak. Lamun cinandra kadya Sang Hyang Batahra mangejawantah. angarsani tindakipun sri panganten sekaliyan ingkang asesanti Hingarsa asung tulada. Yekti manawi suba manggalaning lampah satunggaling priyantun ingkang lebda ing pradangga, katitik satindak-satindak tansah mawi let wilahaning wirama gending.
Tindakipun putra panganten sekaliyan ing sawingking ipun kaderekaken manggalayuda sakembaran. Wigit lan sentosa dedeg piadegipun. Sintenta ingkang dados mang- galaning yuda sakembaran punika, wenang den ucapna ajejuluk nak mas ............ kaliyan nak mas ............ ingkang samangke taksih ngudi kawruh wonten pawiyatan ............ mila para manggala yuda gagah perkoso sampun apantes manawi saged njagi ruwet rentenging panggalih saha rubedane panganten kekalih.
Kasusul kanti ginarubyuk sangyaning putri dhomas acacah kawan atus. Ingkang sayekti sulistya ing warni
15