ngaturaken matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp. ........... sekaliyan kersa hangenthengaken bot karepotanipun Bp. ........... ingkang punika pasrahan temanten kakung sampun dipun tampi kanti suka renaning manah. mBok bilih sadayanipun sampun samekta ing damel sri temanten kekalih bade kadhaupaken.
Mawantu-wantu panyuwunipun Bp. ........... sekaliyan mugi panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sadaya kasuwun kanti sanget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanti mirunggan ngantos dumugi paripurnaning pahargyan punika.
Minangka puputing rembag, mbok bilih anggen kula ngaturaken atur panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur. Awit cupet ing nalar kidhunging pemanggih. Kula tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Wassalamu'alaikum wr. wb.
Nuwun.
PANYANDRA PANGANTEN
KIRAB
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta nagari ingkang adi dasa purwa, eka marang sawiji, adi luniwih dasa sepeuluh, purwa kawiwitan.
Hanenggih punika nagari ...... Hadiningrat, mila kinarya bebukaning panyandra satunggaling nagari ing- kang rinengga-rengga sagunging kaendahan rerupen ing- kang manekawarna, satemah handadosaken adi miwah asri peni hing pandulu. Ingkang sadaya kala wau sayekti mratandani bilih sakalangkung ageng raos bombong bi- ngahipun ingkang hangrenggani wisma hamangku karya, hinggih panjenenganipun Bp. ..... hingkang kepareng hamiwaha ingkang putra penganten sekaliyan, ingkang wekdal samangke sampun kepareng tindak jengkar saking panti palenggahan tumuju mring sasono busana arsa
14