Menyang kontèn

Kaca:Sekar Sumawur.pdf/12

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalinana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung miwah putri, bilih saking keparengipun Bp. ... sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya.

Langkung rumuyin Bp. ........... sarimbit mocap puji-sukur Allhamdullillah dumateng ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, dene saged anjenengi pawiwahan supitan (tetesan) putranipun ingkang angka ..., nama pun ........

Kaping kalihipun Bp. ........ sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagyo sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawana putri. Bapak ....... sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami. Dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha penggalih saged sowan ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah, saha kersa paring berkah pangestu dumateng putra kula ingkang sampun dipun khitan. Bapak .......... sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresno bebasan kadi lelumban wonten samodra kencana, sakalangkung ndadosaken bombong bingahing manah.

Kaping tiganipun boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para sanak sadherek kadang kadeyan pamong mitra saha tangga tepalih tuwin para muda-mudi ingkang sampun kanthi rila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken kemayaranipun ingkang mengku damel.

Sarehning Bp. ........ sekaliyan boten saged ngaturi piwales punapa-punapa pramila sagedipun namung ngaturaken pudya pudyastuti mugi-mugi lumebering sih kanugrahaning kautaman panjenengan angsala piwales kanugrahaning Pangeran ingkang matikel-tikel lan mawantu-wantu.

Kaping sekawan Bp...... sarimbit nyuwun gungan panjenengan sekaliyan kersaha paring berkah pangestu wilujeng putranipun ingkang mentas dipun icali sukeripun saged wilujeng nir ing pancabaya, sageda dados putra

8