Kula minangka tetalanging tanggap wacana kalilana kula matur ing ngarsanipun para rawuh kakung sumawana putri, bilih saking keparengipun Bp. ..........sekaliyan, kula tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging manah.
Langkung rumiyin Bp. ........... sekaliyan mocap puji sukur dateng ngarsanipun Pangeran ingkang murbeng dumadi, dene saged kaleksanan angajangi pahargyan pawiwahan sepekenan putranipun ingkang angka ....
Kaping kalihipun Bp........sarimbit mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuhipun para tamu kakung sumawana putri. Bapak sekaliyan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Dene panjenengan sami sampun kepareng nglonggaraken wekdal saha panggalih saged sowan ing pahargyan punika kanti lega-legawaning manah. Bapak....... sekaliyan rumaos karoban ing sih sutresno ingkang sakalangkung ndadosaken bombong bebeg bingahing manah.
Kejawi punika Bp. ............ sekaliyan ngaturaken sewu gunging panuwun ingkang tanpa upami tumrap sadaya ingkang sampun paring sumbangsih kedarman ingkang arupi punapa kemawon; bau-suku, rigen pratikel saha pisungsung ingkang maneka warni, ingkang tundhonipun damel ngengrengsaha regenging pasamuan sarta cekaping kaperluan punika. Ingkang mekaten mugi-mugi Gusti ingkang Maha Agung paring piwales ingkang sakmurwatipun
Wondene ingkang dados hajad-ujubing ing pasamuan punika, rikala dinten ..... tanggal......... wulan tahun......... utawi surya kaping, tahun ......... Bapak saha Ibu ....., angsal kanugrahaning Pangeran pikantuk putra ingkang mijil ..... wonten ing griya sakit........kanti wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
Awit berkahing Pangeran ingkang Maha Agung sarta saking berkah pangestu panjenengan sadaya, ingkang ibu tuwin jabang bayi tansah wilujeng nir ing sambekala sumrambah sagung para rawuh.
Putra ingkang angka ..., punika dening Bp.......
6