Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 76 —

Papan anggenipun manggihi wonten ing Tutup Saji. Dados kursi ingkang ngapit apit meja kasebut minangka kagem palenggahanipun Kanjeng Ratu Kidul sakaliyan Kanjeng Ratu Pambayun. Sareng Kanjeng Ratu Pembayun surut, lajeng boten wonten suwantenipun lampor.

 Nama Panggung Sangga Buwana punika mendhet sengkalaning tahun Jawi. Menggah terangipun mckaten: Panggung saking aksara Jawi; pa gedhe = angka 8. Song = o: ga gedhe ( aksara Jawi) = 7 Buwana = 1. Kempaling angka saking sengkalan, ing tahun Jawi dhawah tahun 1708: Tahun Masehi 1782. Ing pucuk ing panggung ugi wonten memet (sengkalan memet punika kawujudaken gambaran) utawi wujud barang), inggih punika gambar naga mabur dipun tumpaki tiyang Cethanipun: Naga muluk tinitihan janma. Naga= 8: muluk = 0: titihan= 7: janma = 1. Dados wonten tahun Jawi 1708. Punika kangge pengetan iyasanipun Panggung Sangga Buwana. Wondene ingkang iyasa suwargi Ingkang Sinuhun Paku Buwana III.

 Ing saleripun Pandhapi Ageng wonten konten ingkang kawastanan "Konten Wiwarapriya". Sakidulipuu wonten konten nama "Konten Wiwarakenya". Sakidul palataran wonten konten nama "Konten ljo utawi Konten Sri Mangunti kidul Sakidulipun Konten ljo wonten konten nama Konten Magangan".

VI. WONTENIPUN TITIHAN DALEM KARETA.

 Ing sangajengipun Konten Talangpaten wonten gedhongipun kreta titihan Dalem Nata. Uruting aama saking wetan mangilen:

  1. Kyai Retna Juwita, Kangge titihanipun wakilipun Ingkang Sinuhun ngrawuhi uleman rapat.
  2. Kyai Siswanta, kaangge titihan methuk kulawarga Kraton.
  3. Kyai Marasseba, kaangge titihan methuk manawi wonten tamu saking salebeting Nagari.
  4. Kyai Retna Pambagya, kaangge titihan methuk saking sajawining Negari.