Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/73

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 71 -


6. Bangsal Gandhek Tengen, panggenan nabuh gameian kodhok ngorek menawi pinuju dinten ageng utawi Bakda.
7. Bangsal Balebang, panggenan yimpen gamelan. Wondene ingkang kasimpen ing ngriku:
a. Kyai Singakrura, gamelan kangge nabuhi ajar ajaran perang.
b. Kyai Rendeng, gamelan kangge nabuhi ajar ajaran olah raga.
c. Gamelan Sengganiraras utawi Gentana, kenging kaangge gendhing kilenan utawi wetanan.
 Anggitanipun R. Lurah Sastrawidata Gurawan.
d. Kyai Sukasih.
e. Kyai Pamedharsih.
f. Kyai Banjit, katabuh minangka tandka yen dinten ageng.

 Ingkang kasimpen ing salebetipun dhimpil ( kamar) :

  1. Bendhe Kyai Samparan.
  2.   "    "  Dewadenta.
  3. Gong Kyai Surak.
  4. Gong Kyai Kanigara.
  5.   "   "  Kumitir.
  6.   "   "  Bajraherawana.
  7. Bangsal Gandhek Kiwa, panggenan nyediyakaken pasugatan ing dinten Riyadi (Bakda)

 Medalipun saking Sitinggil nglangkungi konten nama Konten Renteng, ateges mangu2 (gajeg2) ugi ateges paben salebetipun manah ugi kenging dipun tegesi samar2.

II. KAWONTENAN SAKING KONTEN RENTENG
DUMUGI KONTEN MANDHUNGAN.

 Saking Konten Renteng mengidul lemebet konten gapit ingkang nama Konten Brajanala Tegesipun; Braja = landhep: nala = ati. Wetahipun: landheping ati. Sakiwa tengenipun kontena bagian jawi wonten bangsalipun, nama Bangsal Brajanala.