Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 125 —

Bab manunggilaken wau kedah adhedasar emut dhateng Ingkang damel Gesang, sinartan ing kawruh lantaran brata. Bokmanawi kenging kangge ular2ing sawatawis, punapa ingkang kawrat ing tembang sinom ing buku "Wedha Tama" kados ing ngandhap punika :

"Nulada laku utama, kang tumrap wong tanah Jawi, Wong Agung Ngeksi Ganda, Panembahan Senapati. Kepati amarsudi, sudaning hawa lan napsu, (gesang raga) pinesu ing tapa brata, tanapi ing siang ratri, amemangun karya nak tyas ing sasama."

Wonten malih pambudidaya sagedipun manunggilaken gesang kekalih wau inggih punika kedah katindakaken makaten: Lair (gesanging raga) den udi, liripun nyambut damel murih saged kacekap ing gesangipun. Batin (gesanging jiwa) den perdiliripun kedah kaperdi emutipun dhateng Ingkang Maha Kawasa Gesangipun raga sageda dipun reh, sampun ngantos gadhah tindak ingkang kirang prayogi. Sampun ngantos adamel kapitunanipun sanes/liyan. Manawi saged nindakaken ingkang kados mekaten, bokmenawi gesangipun saged tuwuh seneng, tentrem, boten gadhah kasamaran tur ageng panarimahipun. Kenging kawastanan boten katumpakan dening pakartining napsunipun.

Menggah wohing tumindak ingkang sampun saged manunggilaken gesanging raga lan jiwa, tumrap srawungipun kaliyan sinten kemawon saged longgar, sakeca tur boten anguciwani. Awit lair batosipun sampun saged jumbuh.

Ing ngajeng sampun kapratelakaken bilih rosaning gesangipun raga adamel petenging gesangipun jiwa, ingkang satemah tansah damel reribet. Wondene menggah kawontenanipun reribet kados uran2 (tembang) sinom kalih pada paringipun tiyang sepuh kados ing ngandhap punika :