Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 124—

  1. Gesanging Aluamah, kedadosan saking sarining Bumi, Wewatekanipun rosa angangsa-angsa angkara murka, angangah-angah kedah mamah.
  2. Gesanging Amara, kedadosan saking sarining Latu (Srengenge). Wewatekanipun: sereng, getapan, brangasan remen utawi gampil muring2.
  3. Gesanging Suffiah, kedadosan saking sarining Toya. Wewatekanipun: penginan, nmelikan, ewan, dahwen.
  4. Gesanging Mutmainah. kedadosan saking sarining Angin. Wewatekanipun: lumuhan, sabar narima, Pikajenganipun namung dhateng kanikmatan.

 Menggah gesanging jiwa lan gesanging raga kawontenanipun sami rebat kuwaos. Saking rosanipun gesanging raga limrahipun ing akatah gesanging jiwa kalindih, inggih punika ketunggangan. Hawit saking rebat kuwaos wau, lajeng seged nyumerepi, pundi ingkang rosa. Manawi ingkang rosa gesanging jiwa, kawontenan adeging gesangipun manungsa katingal ayem, tentrem, seneng, lan boten ngadahi kasamaran dhateng kawontenan ing donya, sampun boten rosaa. Tumrap nyandhang mengangge sanadyan boten samrahipun ngakathah sampun narimah lan sampun remen. Nanging ingkang mekaten wau ing antawisipun gesang bebrayan pinanggihipun inggih kirang prayogi Nama kirang utawi boten rumeksa ing prajanipun. Kosok wangsulipun bilih ingkang langkung rosa gesang ing raga, adeging gesangipun manungsa kawontenanipun namung remen ompak2an. Liripun remen mubra mubru nedha eca, tilem sakeca, nyandhang mengangge sarwa sae Bojo nedha ingkang ayu tur rangkep rangkep, senadyan ingkang dipun angge gesang mubra-mubru wau barang saking anggenipun tumindak ingkang boten prayogi. Upaminipun nggedhor korupsi, mandung. ngapusi lsp. Mekaten punika tumraping ngakathah dipun wastani sampun risak morilipun.  Awit saking cengkahipun gesang kekalih kasebut ing nginggil lajeng kados pundi sigedipun mbudidaya murih sagedipun manunggilaken, ingkang lajeng saged kawastanan "Manunggiling Kawula Gusti"?.