Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 123 —

K. MANUNGGILIPUN KAWULA GUSTI.

 Menggah ingkang kawastanan "manunggalipun kawula Gusti" mekaten langkung rumiyin perlu madosi, pundi ingkang kawastanan "kawula", lan pundi ingkang sinebut "Gusti". Awit saking kawontenan wau, sagedipun nyumerepi, ing riki perlu kapendetaken pepiridan saking dedongenganipun para sepuh. Terangipun kados ing ngandhap punika.
 Ing dedongengan wau katerangaken, bilih kempalipun sari tetiga ingkang kadunungan wahyu panguripan, inggih punika sarining toya, srengenge lan sarining angin (Banyu, Geni, Angin) ingkang lajeng kawastanan "Trimurti", inggih punika gesang, ing tembung Arab kawastanan "Nur"; ing tembung Walandi kawastanan "Ziel" tumrap limrahipun ngakatah kawastanan jiwa", ingkang tegesipun wiji saking kuwasaning sarining hawa tetiga (Trimurti), inggih jiwa wau ingkang kawastanan "Gusti".
 Sareng "Trimurti" manggen wonten alam + Antara", inggih punika manggen ing tengah-tengahing jagad, liripun ing sanginggilipun Bumi, lan sangandhapipun Langit, ing ngriku lajeng kawastanan Tri Purusa". Tegesipun wahyu panguripan ingkang santosa, sampun boten mobah mosik. Saking angsal tambahing serat soroting Srengenge, sarining Toya lan sarining Angin Tri Purusa" kumulit, lajeng awujud sarira (raga) Inggih raga punika ingkang kawastanan "Kawula" Gesangipun raga angsal soroting jiwa, katam bahan saking jawi, inggih punika saking serat soroting sari 4 (sarining Bumi, sarining Geni, sarining Banyu lan sarining Angin), ingkang temahan gesangipun raga sakalangkung rosa, ngawonaken daya gesang saking nglebet, inggih punika saking soroting jiwa. Mila gesangipun jiwa lajeng kabuntel (kaesuk) dening gesangipun raga, njlari gesangipun jiwa kalimputan ing pepeteng.
 Angsal tambahan soroting sari sekawan wau, gesanging raga ajeng pecah dados gesang sekawan ingkang dumunung wonten raga lajeng dados wewatàkan sekawan prekawis, inggih punika: