Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

- 122 -

Saweg rerembagan kemawon kaliyan kancanipun ingkang nunggil barakan, ingkang karembag inggıh panganggen utawi barang ingkang sae. Utawi rehne saweg amepek berai, estria, jalera limrahipun ingkang karembag inggih bangsanipun raos sengsem. Yen jaler rembagipun tumuju dateng estri, yen estri dhateng jaler. Mekaten ugi bilih ura2 utawi menyanyi, ingkang dipun senengi inggih bangsanipun gandrung2 sasaminipun. Tumrap lare jaler umur samanten wau ing jaman kina limrahipun sami remen pados kawruh bangsanipun pangasihan lan jaya kawijayan.

  1. Wiwit umur 24 taun dumugi 40 taun ngambah ing alam "suka pangreksa". Tegesipun wewatakanipun remen ngreksa dateng kawilujenganipun anak semahipun. Ing jaman kina limrahipun umur 24 taun dumudi 40 taun punika remen pados seserapan bangsanipun jampi2 tuwin saratipun tiyang gegriya, murih manggih wilujeng ing sakukubanipun.
  2. Wiwit umur 40 taun salajengipun ngambah alam "suka pralaya". Tegesipun tiyang umur2an semanten punika remen pados seserepan ingkang magepokan kaliyan kawruh kabatosan Saweg rembagan kemawon ingkang kalimrah inggih babagan kawruh2 kabatosan. Awit saking mekaten pangudinipun dhateng kadonyan limrahipun lajeng kirang rosa (kathah panarimahipun). Katitik mengangge kemawon inggih sampun sami suda kabesusanipun. Lajeng gadhah raos kathah narimahipun. Uger panganggeaipun sampun resik lan pantes, sampun cekap.