Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 121—

IX. SANTUNING ALAM GESANGIPUN MANUNGSA

Menggah manungsa gesang punika wiwit lair saking guwa-garbaning biyung, saben 8 tahun wewatekanipun sontan-santun. Mila lajeng dados kalimah ing akathah, manawi lare sapun umur 8 tahun, ajeng dipun pengeti, sarana wontenipun wilujengan windonan. Dene yen sampun dewasa, saben umur 32 saha umur 64 tahun, dipun wonteni pengetan tumbuk yuswa. Ing atasipun tiyang2 ingkang sami kecekap ing gesangipun pengetan tumbuk yuswa mekaten mawi dipun wonteni jagongan. Ngangge ngulemi sanak sedherek tuwin mitra kawruhipun, kanthi ngawontena ken wilujengan. Cacahipun tumpeng sami kaliyan cacahing tahun umuripun. Namung ingkang ageng cekap satunggal. Sanes2ipun cekap alit-alit.

Menggah sontan santuning watak wau ing ngriki kula wastani santuning "alam", ingkang ateges santuning pangalaman. Wondene peprincinipun santuning alan kados ing ngandhap punika :

  1. Wiwit jabang bayi dumugi umur 8 taun, punika ngambah alam Rinaja Putra tegesipun watakipun "kemratu-ratu. Liripun pikajenganipun kedah katurut, kedah dipun emong sapikajenganipun, boten kenging dipun sulayani lan dipun canthulani. Lare umur samanten wau lintrahipun dereng mangertos dhateng kabetahan adeging gesangipun ingkang sepuh, ingkang dipunmangertosi namung wonten. Nedha punapa kemawon kedah saged kaleksanan, cepak muringipun, cepak tangisipun.
  2. Wiwit umur 8 taun dumugi l6 taun, ngambah ing alam "Sukakarya" : tegesipun wewatakanipun Sampun ngancik remen dateng pedamelan Liripun asring purun dipunkengken, reresik griya, rerencang wonten pawon, sanajan boten ajeg, mlebet sekolah ingkang ugi kalebet karya (nyambut damel). Wiwit umur 16 taun dumugi umur 24 taun, anganmbah ing alam "suka busana" lan ing alam "suka wanita". Tegesipun wewatakanipun saweg remen2ipun angadi busana, liripun remen mangangge ingkang sarwa sae.