Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
- 120 -

ngGer, dedongengan bab dumadineng agesang kaya cukup dakpugel samene bae. Ya mung lowung kanggo nambahi sesurupanmu. Jaka Lelana ngaturaken sangat gunging panuwunipun, dene Kyai Wangsadriya sampun kepareng maringi dedongengan, ingkang piyambakipun dereng nate mireng utawi manggih ingkang kados makaten. Ing Sarehning Jaka Lelana anggenipun Wonten ing redi Lawu sampun tigang dinten tigang dalu, piyambikipun lajeng nyuwun pamit dhateng Kyai Wangsadriya; badhe mantuk. Kyai Wongsadriya nglilani kànthi paring pepuji, mugi2 lampahipun manggiha raharja. Dene Kyai Wangsadriya kantun anggana.
 Lampahipun Jaka Lelana medal ing margi ingkang dipun langkungi wekdal minggahipun mandhapipun saking ngredi langkung rekaos, amargi kedah ndegeg. Perlunipun saged nahan, sampun ngantos kejlungup. Kosok wangsul kaliyan kala minggahipun. Lampahipun kedah ndungkruk, supados saged rosa panapakipun suku. Sareng sampun dumugi ngandhap terus mantuk boten mampir ing griyanipun Pak Kartasentana ing Tara, KI. Blumbang. Awit miturut kaol kina, bilih tiyang kesah jiarah mekaten, kirang prayogi yen ta wangsulipun ngangge mampir2 mara tamu.
 Cekakipun cariyos Jaka Lelana sampun dumugi ing griya, ing kampung Jayengan Surakarta. Sadumugipun ing griya lajeng sesuci adus kramas, ngiras ngicalaken sayah lan adamel segering badan. Sareng anggenipun ngaso sampun sawatawis dinten, Jaka Lelana kesah malih sumedya sowan gurunipun, nama Kyai Karsa dimeja ing Pantaran. Awit Jaka Lelana kemutar, blih ing sale betipun wulan Sura Kyai Karsadimeja adat ingkang sampun kepareng amedharaken kawruh menapa kemawon dhateng para siswanipun. Lampahipun ing margi boten kocap. Gancaripun carto Jaka Lelana sampun dumugi ing dalemipun gurunipun. Ing ngriku sampun kathah para siswa ingkang sami dhateng perlu badhe nampi petedah2 tumrap kawontenanipun kawruh warni-warni, ingkang tundonipun murih wilujeng ing gesangipun. Sasampunipun para siswa nglempak, ing Wanci lingsir dalu Kyai Karsadimeja kaadhep para siswa wonten ing griya pandhapi, paring piwulang kados ing ngandhap punika.