Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 119 -

Sing sapa kasusupan wiji, ing mangka bisa kawawa nanggulangi (nyegah) iku sayekti tambah muncaring pangeksine (awas). Manawa den turuti, kawawa mahanani dadi putra. Terange kaya ing ngisor iki:

Yen ana wong arep cumbana, mangka metune napase kang banter metu bolongane irung kang kiwa, iku cumithaking wiji manggon ana panon (bayu sari utek kang ana telenging manik) kang tengen, iku bakal nuwuhake wiji lanang. Kosok baline manawa metune napase kang banter metu bolongan irung kang tengen, iku cumitake wiji manggon ana panon kiwa, iku bakal nuwuhake wiji wadon.

Manawa metune napas padha bantere metune ing bolongan irung kiwa tengen, iku cumithaking wiji ana satengahing panon. Ing kono tembung Jawa tengahing panon iku diarani manon. Ing tembung Arab diarani "Iksan Kamil", kang tegese kumpuling rerembes utawa paguting parembes. Wiji mau bakal mahanani putra wandu, ya iku: ya lanang, ya wadon Mungguh kang mesthi dadi wiji iku kumpule sari tetelu ya iku; sarining Tirtakamandhanu sarining Srengenge lan sarining Angin, kaya kang katerangake ing Dhuwur. Menawa adon2 sari tetelu mau ora ganep, kang mesthi wiji mau ora dadi. Upama dadia ya ora lestari uripe.
Terange mangkene:

Manawa sari Tirtakamandhanu karo sarining Srengenge nanging tanpa sari Angin kang mesti ora kaw.wa dumadi dadi manungsa. Kaya mangkono sapiturute.

Mungguh purwane ana umur dawa lan umur cendhak, iku ora liya mung saka kurang lan luwihe adon adone sari tetelu. Wondene anane putra kembar iku wektu sacumbana kataman heninging Cipta suwene nganti rong pandurat. Nganti kawawa narik wiji loro saka santosa apa dene luwih kuwasa daya panggendenge wiji kang cumithak ana punon kang sisih. Wondene manawa putra, cumithake ana panon kiwa tengen."

Ing wekdal samanten Ki Wangsadriya kendel anggenipun dogeng lajeng cariyos dihateng Jaka Lelana, tembungipun.