Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 118-

VII. DUMADOSING MANUNGSA

Sapungkure jaman Tirtayoga, gumanti jaman kang diarani jaman Dwaparayoga kang tegese jaman kamokalan. Ing sajron jaman mau kasnane bumi saya tambah kandele, lan metune hawa ne bumi sangsaya akeh. Thetukulan. sato2 wis mawarna warna. Ing Jaman iku ragane manungsa utawa kewan-kewan amiwiti kasare, apa dene panca-driya uga wis miwiti pencare. Pencaring pancadriya mau temahan kawawa nuwuhake karsa ing dudu sawantahe. Ing kono tumuli pada thukul ing pepinginane utawa kekarepane. Bareng wis mangkono tumuli kelu pada mangan woh the thukulanebumi, kaya dene pakartine kewan spne Mula ing jaman iku manungsa padha tambah ing kaagalane, temahan nyudak ake kapitunane kang tumrap sudaning kasektene. Saya lawas saya muadhak kekarepane wekasan padha tuwuh akale anggone padha sacumbana kanthi kalawan ragane. Kang mangkono iku ndadekake suruting (sudane) urub mancaring Pramana, sapanunggalane. Ing jaman Dwaparayoga wis ora ana wong mati kang bisa muksa. Yen ana kudu kalawan tapa brata. Apa maneh wis ora ana wong sekti, yen ora kudu gelem kalawan ngengurangi. Ingsareh ning jaman iku wis padha tumindak kang kanthi raga, dadi anggone mencarake wiji iya kudu asarana nggarbini (meteng). Amarga ing jaman iku daya panggendenge ora kawawa anarik wiji manawa ora kalawan heninging atine (ciptane). Wondene mungguh terange kaya ing ngisor iki.

Saupama ana wong kataman heninging ciptane, kang suwene ora kurangg sapandurat, iku daya panggendenge lagi kawawa narik wiji. Nusupe wiji mau mbarengi nalika lebuning napas, banjur sumesep ing utek rembes marang panon. Kang diarani panon iku banyu sari ya iku sesarining utek, kang mangon ana satelenging manik. Wiji mau ana kono. kawasa sumusup tumeka Pramana, kang kawawa amor sarahsa lan sacahya, utawa sakehe karsa kang mangkono mau adat banjur nuwuhake adrenge sacumbana Adrenge sacumbana mau yen cinegah dadi pacdah. Yen linantur (tinurut) dadi batur. Lire mangkene ;