Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 117 -

Bareng sakehing wiji kang padha ditinggal ana ing Alam Samjaruri kadayan panggendenging Pramana temahan tumurun ing ngarcapada manjing ing guwa garbane Hapsara, kang banjus kawawa sarupa karo Pramana. Sawise Pramana kataman dening panuka maning wiji, banjur semi tuwuh kekarepan kang marang cumbana. Mung bae wektu iku patrape sa cumbana tumindake kalawan cipta sasmita.
Rasaning cipta sasmita mau bisa tumindak ing Pramaning Hapsari kang sabanjure njalari mbobot (meteng) temahan mbabar manungsa sajodo ing sabanjure. Manungsa kang padha tumitah ing jaman iku ragane isih padha alus alus. Anane mengkono jalaran durung kalabetan dening sarining bumi kang kasar sarta durung ana kang nyandhang utawa mangan. Wondene kang minangka dadi sandangane kanggo nglimputi wewadine ya iku urubing cahjane dhewe. Dene kang minangka dadi pangane sarupane sara-sari kang arum-arum gandane. Mula uripe manungsa ing wektu iku durung kena ing lara lan pati, apa maneh ketaman suka lan prihatin. Ing jaman iku diarani jaman Kadewatan, kang tegese kealusan. Awit saben muksa kawawa nggawa ragane dhewe2 Jaman kadewatan iku lawas rong ewu taun. Ing temburg Jawa jaman mau diarani jaman Purwa, kang tegese jaman wiwitan utawa kawitan. Ing tembung Sanskriet diarani "Masidhem". tegese jenjem, utawa jejeg. Manawa ing tembung Arab diarani "alam Makdam". Makdam kang tegese kawitan.

Manungsa ing jaman Tirtayoga: isih padha anuhoni makartining Pramana Anane mangkono, amarga ponca driya durung kawawa pencar, Anane durung pencar awit sari sarining jagad durung bisa tumular, kagawa cahyane Pramana durung wigar. Dadi empaning karsa iya durung tumangkar Ing jamin Tirtayoga para manungsa isih padha lepas pandulune (isih padha awas), jalaran kalis dening pepadhange Srengenge, utawa terang pamiyarsane tengen) Anane mangkono amarga ora katabetan kumaraning amboning bawana, apa dene padha tetep pamicarane. Awit isih jagad. Sarta landhep ing panggandane kagawa kalis saka ambon anuhoni krenteging ciptane kang sejati. Mungguh kang diarani cipta kang sejati iku kang isih mlingi, durung kawoworan karsa.