Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

— 111 —

Mungguh kahalusane sari tetelu kang tembus ing sajerone bumi iku mau nganakake jelantah kang banjur campur karo jelan tah kang ana sajrone bumi campuran jelantah mau temahan dadi wujud wolung prakara.

  1. Manik2 sapanunggalane.
  2. Emas.
  3. Salaka.
  4. Timah.
  5. Tembaga.
  6. Wesi.
  7. Uyah.
  8. Walirang.

Mungguh wewujudan wolung prakara mau, ing nalika kataman adhem kumpul. Manawa kataman hawa panas, kawawa metu hawane kanthi oleh campuran saka sari telu saanane. Ananging cecampuran ing hawa wolung prakara mau, sejatine isih kasar. Mula anggone arep njedhul marang Bawana durung bisa. Jalaran kapepetan ing bumi. Hawa wolung prakara mau yen kataman adhem njendhel; yen kataman panas ajer. Ajere hawa mau nganak ake sarining hawa kang alus, kawawa nembus ing bawana, banjur nartani panguripan, iya sing diarani asthagina. Tegese kaanan wolu kang kaanggep urip. Wondene jalantah hawa kang padha keri ana sajrone bumi mau dadi wewujudan limang prakara.

  1. Pulung. Rupane biru semu ijo. Iku pratandha saka cahyane manik-manik (bangsane akik), emas sarta tembaga. Pulung mau ing tembe iya bakal dadi sarana nambahi daya panguripan. Wondene kang den luluti (katiban) pulung, bang sane kang darbe cipta welas asih marang saliring dumadi.
  2. Wahyu. Rupane putih sumirat kuning. Iku saka cahyane manik emas sarta timah utawa salaka. Wahyu mau ing tembe ya bakal kanggo sarana nambahi daya panguripan. Wondene kang diluluti (ketiban) wong teaceping ciptane marang lila legawa,temen lan narima.
  3. Handaru, rupane kuning, kumunir. Iku pratandha saka cahyane manik2emas, wesi, salaka.