- 110 -
karane, tipis budi dayane. Kang mangkono iku ing tembe bakal mahanani nduweni lara panas sarta suda ing pandulune.
Mungguh pencaring wiji kasebut nduwur kalebu ing mangsa sajrone Alam Tirtayaga. Awit isih padha raga cahya kabeh.
Muncaring cahya mau wis ora beda karo urubing Pramana. Mula kena binasakake araga suksma, "sarira Bathara". Dadi ing wektu iku durung ana lara lan pati. durung ndarbeni sedya lan karsa. Mung jumeneng kalawan heninge bae.
Ing dhuwur wis katerangake bab ana banyu jalanidhi kang ing saben bengi kataman dayaning adhem, kang satemah kumpul (njendhel) Yen awan kataman hawa panas satemah ajer. Ananging ajere banyu jalanidhi mau anteng kanthi njlantah. Jlantahe lawas2 awujud dadi embag, kang sabanjure dadi lemah, kang tegese lemes. Sarehne embag mau ing saben dina tansah katambahan suwe2 dadi kandel awujud dadi lemah sinartan oleh siliring, angin lan panasing Srengenge, temahan dadi akas.
Ing sajeroning lemah tansah katambahan jelantah.
Mungguh santosaning lemah mau kadaya saka sari telung prakara, Ya iku sarining Srengenge (panas) sarining banyu lan sarining angin Sari telung prakara iku anggone tumanduk ing lemah salawase.
Saka panuksmane sari tetelu wekasan mahanani wewujudanya iku thetukulan lan sapepadhane. Bareng lemah mau wis ana thethukulane, banjur diarani bumi, kang tegese: wadah Bareng kaanane bumi saya lawas saya kandel, panusupe sari tetelu mau banjur ora bisa lestari tumeka ing jeroning bumi.
Amarga kaanane sari tetelu mau isih kagolong sari kasar, Lire saben kena daya adhem kumpul. Yen kena daya panas ajer
Ajer sari tetelu mau mahanani sari alus kang kawasa tembus ing wis padha bumi, andiyani dadi panguripane thethukulan kang wis pada tumuwuh ana bumi utawa beburon kang wis padha tumitah ana ing kono.