Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
107

Kang mengkono iku mratandhani wis sarira wahyu. Tetepe manawa wis sarira wahyu, dene ora obah katempuh gedhene maruta ; ora panas kataman prabawane srengenge ; ora adhem kekuming Tirtamarta. Terange mangkene :
Sapira santosane maruta, isih kalah karo santosaning Pramana. Sapira panase Sang Bagaskara. isih kalah kalawan panasing Pramana. Mangkono uga sapira ademing Tirtaprawita isih kalah karo adheme Pramana. Saya suwe serat soroting Pramana mau saya tambah akeh sarta warna² rupane. Ana kang ijo, ana kang abang ana kang kuning ana kang wungu, ana kang dadu, ana kang ireng, ana kang biru, ana kang putih lspne Rerupan samono mau. bareng oleh daya wahyune Pramana, wekasan padha urip dhewe², apadene banjur sumewa ing ngabyantarane Pramana Rerupan mau ing tembe bakal dadi wijining dumadi.
Anggone arep mencarake tuwuh, sakehe wiji iku diarane Hapsara; yen ing tembung Arab diarani “Rochani”, yen ing tembung Walanda isih diarani ”Ziel“. Para Hapsara mau ing tembe bakal dadi wewijangane dumadi dhewe-dhewe.