Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 106 -

Tripurusa mau, temahan padha anguripi sarupane beburon seron ing mangsa iku. Dene sakabehing beburon ing nalika anggone dumadi ana sajerone Alam Tiroyoga mau kang dadi pratandhane, kabeh padha mawa cahya kaya dene lintang alihan, iku sejatine beburon. Mungguh kaanane beburon ing awang-awang mau, kakeh padha ora keaa ing pati. amarga bakal ora kena hawa sesukering bumi ing selawas-lawase. Beda karo beburon kang padha ana sajerone jalanidhi. Sanadyan ing alam Tirtayoga ragane iya padha ndarbeni cahya, nanging sarehne bakal padha katabetan hawaning bumi, mula ing tembe bakal kena ing pati Amarga ing alam iku kena diarani alam kahalusan-uga kena diarani karaton "Siwandakara", kang tegese kabeh kang padha dumadi ing alam mau padha ndarbeni cahya kang mencorong.

 Tripurusa ing sadina-dinane ora kendhat anggone kataman sarining panas, sarining banyu lan sarining angin. Lawas2 sari tetelu mau kuwawa anglimputi Tripurusa. Bareng wis sawatara kandel, kumpule sari tetelu mau kuwasa dadi kekandhange Tripurusa, sarta banjuur awujud kang diarani sarira, uga kena diarani sarining hawa kang tegese sari banyu. Bareng Tripurusa manggon ana sarira, banjur aran Pramana, kang tegese katon utawa maujud. Kang binasakake maujud iku sariraning Pramana. Wujud sarira mau lawas lawas tumulidadi gatra manusa banjur aran Bathara, kang tegese alus. Sawise mangkono Pramana banjur kena diarani "Raga Bathara", Bareng wis aran Raga Bathara, Pramana tumuli tuwuh panguwasane cacah limang prakara, ya iku kuwasa andulu tanpa netra; angganda tanpa grana: ngandika tanpa ngucap: amiyarsa tanja karna: amirasa tanpa sarana. Mungguhterange kaya ing ngisor iki:

 Ing nalika sajrone Alam Tirtayoga durung ana carane wong pedha mangan lan turu, apa-dene suka lan prihatin utawa laralan kapenak. Pramana mau saya lawas saya tambah dayane kasantosan. Yen rina kuwasa ngukut sarining srengenge. Yen bengi kuwasa ngukut sarining Tirtakamandhanu. Lawas2 tambah praba utawa kaya Wane, mancorong cahyane kaya purnamaning wulan utawa kasrengenge.