Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 105 -

IV. SALEBETIPUN JAMAN TIRTAYOGA

 Ing sajroning jaman tirtayoga iku ana wahyaning wahyu kauripan telung prakara. Siji dumunung ana sendhang cakrawala, yaiku wahyuning tirtakamandhanu, ing tembang Sanskriet diarani manik "I O. Ma," kang tegese "urip", warnane putih hamancur. Loro: dumunung ana ing maruta. Rupane : ireug sumorot. Ing tembung Sanskriet diarani manik "Is Maya". kang tegese: rembesing kaweningan. Telu dumunung ana ing srengenge. Rupane abang amblerengi. Wujuding sorot kaya purnamaning rembulan. Ing tembung Sanskriet diarani manik mulat, kang tegete; murub

 Mungguh kaanane manik tetelu mau padha arebut daya, arebut panguwasa Dene kang kuwasa daya panggendenge, ya iku manik I. O. Ma; manik Is Maya lan manik Mulad kena panggendenge manik I O Ma mau banjur campur dadi sawiji. Cimpure manik tetelu iku temahan banjur padha ilang sipate, ya iku kung putih ilang putihe; kang ireng ilang irenge; lan kang abang ilang abange Ing wasana salin warna dadi cahya biru maya2 asemu ijo banjuraran "trimurti" kang tegese; amore cahya tetelu, utawa kahalusan tetelu Trimurti iku tetep bangsane ngaluhur, yektine dene bangsane cahya, gesang tanpa suksma utawa tanpa raga. Trimurti iku binasakake urip ora ana kang nguripi. Yen ing tembung Arah diarani "Nur" Yen para alli badi ing tanah Eropah padha ngarari "Zel". Ing nalika iku Trimurti manggon ana samadyane Tawang. Ya iku kang diarani Alam-Antara. Mungguh Alam Antara iku ana tengah tengahe dhuwur lan ngisor, apa dene tengah tengahing elor lan kidul, wetan lan kulon. Tengah2 mau saikine terusing mangisor ana sakdhuwure bumi Mekkah. Nalika imurti jumeneng ana ing Alam-Antara, sesilih Tripurusa: kang tegese wahyu tetelu Mulane sinebut "Tipurusa", amarga jumekuwasa anarik sarisarining Bawana. Sajroae Alam Tirtoyaga iki kage wis ora mobak mosik ing sadina- dinane. sarto pengkuh anggone angukuhi marang kahen ngane. Mula saya lawas saya tabih kasantosane, utawa tambah2 wahyaning wahyune. Ing wasana wakasa anarik sarisaniring Bawana. Sajrone alam Tirtoyaga iki kabeh, apa dene serat sorote.