Kaca:Sejarah Kutha Sala.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

- 104 -

padha kuwate lan padha kuwasane. Nalika padha nedheng-nedhenge tempuke Tirtokamandhanu karo daya panasing srengenge, temahan nganakake swara humyung. Saka kuwate sakaro karone, temahan kawawa ngobahake bawana iki kabeh. Obahing bawana bareng ketempuk dening daya kang padha rebut daya ing ngarep, wekasan srengenge, rembulan, lintang apa dene swasana, padha mubeng nyakra minggilingan dhewe-dhewe. Tirtokamandha nu kang tempuk karo panas kang tampa kendhat ing sadina dina ing kono wiwite ana bengi lan rahina (awan). Ing nalika iku Tirtokamandhanu ilang adheme sarta srengenge ilang panase. Sailange adhem lan panas, temahan padha sumaring saring adhem lan pinas, tumuli kumpul, manggon ana swasana Jlantahe tirtokamandhanu sarta jlantahe panas kang kasar padha tumus tumeka sajroning bawana, dumadi dadi jalanidhi, kang tegese banyu kang bener, utawa banyu wantah. Wondhene jlantah kang alus padha bali marang Sunung cakrawala. Kabeh mangkono ing salawase. Iline tirtokamandhanu mau santosane kalawan daya prabawane dhewe. Prabawa iku diarai banyu Mangkono uga panasing srengenge iku uga mawa daya prabawa rog prakara mau, nalika tempiking tirtokamandh inu lan panasing srengenge, temahan kumpul dadi siji Ing kono banjur sinebut maruta" utawa markuta, kang tegese amoring daya loro. Maruta banjur manut salaku jantrane tirtakamandhanu. Mula lakune angin iku kasarane kena daya prabawane panggendenge banyu. Ing wektu iku bawana wis kadunungan kodrat cahya campuran rong prakara, ya iku kang dhisik banyu, banjur maruta. Bareng wis mangkono banjur ora diarani alam sonyaruri, ananging banjur diarani "alam tirtayoga" kang tegese "banyu tumitah utawa" tumitahe banyu kang kapisan Banyu-banyu kang tinemu ing sisih lor (Noord pool) lan ing sisih kidul (Zuid pool) kaanane isih padha njundhel Anane mangkono jalaran adoh karo srengenge. Dene banyune kang padha ajer mung kang dumunung ana tengah Ewadene manava banyu mau kataman ing dayane adhem ing wektu bengi. iya bisa kumpul ing sawatara, katıtik saka tibaning ebun ing wektu esuk. Nanging manawa kena panasing srengenge, banyu kang kumpul dadi encer. Mengkono ing salawas-lawase.