Menyang kontèn

Kaca:Pustaka Marta.pdf/11

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

― 9 ―

  1. Endog 10 diparo = 10 : 2 =
    Djambu 12 diparo = 12 : 2 =
    18 sen dibagi 2 = 18 : 2 =
    14 rupiah dibagi 2 = 14 : 2 =

  2. Ngapalna tangkaran x 2 : 1 x 2, 2 x 2, 3 x 2,
    4 x 2, 5 x 2 sabandjure.
    Walikane tankaran dadi paran: 2 : 2, 4 : 2, 6 : 2,
    sabandjure.


III. Meruhi panggonan lija.

Saka kiwa tengen.

 Hasil bumi rupa-rupa pada mili menjang Nagara, ndjudjug pasar gede. Kabeh iku saka akale bakul lan sudagar.

 Saka lor digawa bakul Sleman. Saka kidul bakul Bantul. Saka wetan bakul Prambanan. Saka kulon, bakul Sentolo. Saka Gunung kidul, bakul Wanasari.

 Jen arep mantu blandjaa menjang pasar gede. Apa-apa mesti ana.