Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

mung kaprah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (ora kalumrah dianggo ing basa padinan).

Tembung kalbu asalé saka tembung Arab qalbu kang mengku teges ’jantung’, ’ati’, ’akal’ utawa ’pikiran’, ’punjering rasa batin’. Ing basa Jawa wektu saiki tembung kalbu lumrahé mung dianggo ing basa éndah utawa basa susastra lan ora kaprah dianggo ing basa padinan.

Kajaba tembung-tembung kang wis dibèbèraké iku, ana tembung driya kang asalé saka tembung Sanskerta indriya. Tembung indriya (Sanskerta) mengku teges ’piranti kanggo ngrasakaké, ngganda, ngrungu, nyawang, nggrayang’, ’hawa napsu’, ’sahwat’. Ing basa Jawa saiki tembung driya mengku teges ’tuking prangrasa’ utawa ’ati’ (tumrapé wong Jawa, ati iku dianggep minangka tuk utawa punjering pangrasa). Tembung iki lumrahé uga mung dianggo ing basa susastra utawa basa éndah lan ora kaprah dianggo ing basa padinan.

Tulisan iki bisa digawé dudutan mangkéné.

  1. Tembung ati kang tumrap kéwan utawa barang iku minangka tembung krama ngoko. Mulané, tembung iki ora perlu dikramakaké, upamané, manah ayam, manah lembu, galih ménda, galih ayam, lan sapituruté. Tembungan mangkéné iki cukup ati ayam, ati lembu, ati ménda.
  2. Tembung ati kang tumrap manungsa utawa uwong kalebu tembung ngoko. Tembung iki ing tataran krama perlu disalini nganggo tembung manah (krama) utawa galih/panggalih (krama inggil), manah kula, manahipun anak kula, raosing panggalih (galih) panjenengan, lan sapituruté.
  3. Tembung-tembung prana, wardaya, nala, lan driya mung kalumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra, kayata, sesorah ing pahargyan dhauping pangantèn, pagelaran wayang utawa kethoprak, nganggit-anggit tembang macapat, lan sapituruté. Sanajan tembung-tembung iki minangka dasanamané tembung ati, manah, galih/panggalih, ananging ora bisa dianggo lira-liru kanthi mardika ing basa padinan.

85