Kaca:Puspa Rinonce.pdf/95

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

tembung ati (ngoko), pamikir (ngoko), utawa pikiran (ngoko). Kanthi mengkono, tembung dipunpanggalih iku mengku teges ’dipikir’, ’dirembug’, utawa ’disurasa ing sajroning ati’.

Tembung prana iku kalebu tembung Kawi utawa Jawa Kuna, déné tegesé (1) ’ambekan’, ’napas’, ’dayaning urip’ lan (2) ’pangrasa’, ’ati’. Tembung iki asalé saka basa Sanskerta prâna kang ateges ’napas’, ’jiwa’, ’nyawa’, ’urip’, ’ati’. Ing basa saiki tembung prana mung kalumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra kanthi teges (a) ’napas’, ’ambekan’ lan (b) ’ati’, ’pangrasaning ati’. Gandhèng karo teges kang kasebut ing (a), yaiku ’napas’, ’ambekan’, bisa disumurupi ing tetembungan, upamané, aksara mahaprana. Tetembungan iki mengku teges ’aksara kang anggoné ngucapaké dikanthèni wetuné napas kang rosa utawa gedhé. Aksara mahaprana iku, kayata, bh, ph, ch, gh, lumrahé dianggo nulis tembung-tembung Kawi utawa Jawa Kuna, upamané, bhâskara ’srengéngé’, phala ’woh’, ’asil’, ’gan-jaran’, ’opah’, ’piwales’, ’ukuman’, chattra ’payung’, ’pangayoman’, ghana ’méga’, ’mendhung’. Déné tembung prana kang ana sambung rapeté karo teges kang kasebut ing (b), yaiku ’ati’ utawa ’pangrasaning ati’, bisa disumurupi ing tembung utawa tetembungan, kayata, mranani, kepranan, nuju prana. Tembung mranani mengku teges ’nengsemaké’, ’ndadèkaké senenging ati’, ‘nrenyuhaké ati’; kepranan mengku teges ’kesengsem (atiné)’, ’kekenan atiné’, ’kepilut atiné’; lan tetembungan nuju prana mengku teges ’nuju ati’, ’cocog karo pangrasaning ati’, ‘sreg (trep) karo pangrasaning ati’.

Tembung wardaya asalé saka tembung Sanskerta hºdaya kang mengku teges ’ati’ utawa ’pangrasaning ati”. Ing basa Jawa saiki tembung wardaya uga mengku teges ’ati’, ’pangrasaning ati’, utawa ’kalbu’ lan mung kalumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (ora kaprah dianggo ing basa padinan).

Tembung nala asalé saka tembung Sanskerta nâla kang mengku teges ’gagang’, ’urat’, ’jantung’, ’ati’.Ing basa Jawa saiki tembung nala mengku teges ’ati’ utawa ‘pangrasaning ati’ lan

84