Kaca:Puspa Rinonce.pdf/94

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

lumrahé mung dianggo ing basa éndah utawa basa susastra (ora kaprah dianggo ing basa padinan).

Tembung ati iku bisa mengku teges (1) ’pérangan njero kang empuk’, upamané, ati gori, ati kedebog, (2) ’pérangan jeroan kang rupané abang tuwa, dianggo nyaring sarining pangan, lan bisa ngasilaké banyu emperu (tumrap kéwan utawa manungsa)’, (3) ’telenging rasané batin manungsa’, (4) ’rasa pangrasa’ utawa ’pangrasaning manungsa’. Tembung ati kang mengku teges (3), (4), lan (2) mirunggan darbèking manungsa, iku kalebu éwoning tembung ngoko, déné tembung ati kang gegayutan karo barang (ati gori, atiné wit) lan kang gegayutan karo kéwan (ati pitik, ati wedhus, ati sapi ) kalebu éwoning tembung krama ngoko.

Tembung manah asalé saka basa Sanskerta. Ing basa Sanskerta tembung manah utawa sok dadi manah mengku teges ’jiwa (jiwané manungsa)’, ’ati manungsa’, ’rasa pangrasa’, ’angen–angen’, ’pikiran’, ’krenteging ati’, ’panemu’. Ing basa Jawa saiki tembung manah kalebu tembung krama, kanggo ngramakaké tembung ati, yaiku atining wong utawa manungsa, dudu atiné kéwan utawa barang.

Tembung galih asalé saka basa Kawi utawa basa Jawa Kuna. Ing basa Jawa Kuna tembung iki mengku teges (1) ’balung’, (2) ’bebayu’ utawa ’urat dalané getih’, lan (3) ’ati’ utawa ’atèn-atèning wit (kang lumrahé atos lan rupané ireng)’. Ing basa Jawa saiki tembung galih ana warna loro, yaiku (a) galih kang ateges “atèn-atèning kayu kang atos lan rupané ireng’ lan (b) ’ati’ utawa ‘pangrasaning atiné manungsa (wong)’. Tembung galih kang kasebut ing (a) kalebu éwoning tembung krama ngoko, déné kang kasebut ing (b) kalebu éwoning tembung krama inggil.

Kajaba tembung galih, ana uga tembung panggalih. Tembung panggalih iku minangka tembung andhahan kang kadhapuk saka tembung lingga galih kang kasebut ing (b) olèh wuwuhan ater-ater pang-. Salaras karo linggané, yaiku galih kang kalebu tembung krama inggil, tembung panggalih uga kalebu éwoning tembung krama inggil. Tembung iku lumrahé kanggo ngramakaké

83