~ Puspa Rinonce ~
prayoga’, “wong tuwa iku bisa dadi kupiya tumrap para mudha” tegesè ’wong tuwa iku bisa dadi conto tumrap para mudha’, lan “Serat Tripama iku mengku kupiya lelabuhané satriya marang negara utawa ratuné”, tegesé ’Serat Tripama iku mengku tuladha lelabuhané satriya marang nagara utawa ratuné’.
Généya tembung kupiya kang kapacak ing ukara (1)— (6) iku tegesé ora padha karo tembung kupiya kang wis ana, yaiku kang kapacak ing sajroné kamus? Satemené kang bisa mangsuli kanthi trep tumrap pitakon iki ya mung priyayi kang ndhapuk ukara-ukara mau. Déné wangsulan kang dumunung ing udyana iki mung adhapur pangiraira, mangkéné.
- 1) Tembung kupiya kang tumrap ing ukara (1)— (6) iku sajaké kanggo nyalini tembung upaya utawa berupaya (basa Indonesia) jalaran tembung upaya lan kupiya iku pakecapané mèh padha, banjur dikira tegesé uga padha.
- 2) Priyayi kang ndhapuk ukara-ukara mau bokmanawa ora priksa tegesé tembung kupiya kang kapacak ing sajroné kamus; utawa priksa tegesé tembung mau nanging mung capet-capet.
- 3) Priyayi kang ndhapuk ukara-ukara mau sajatiné priksa apa tegesé tembung kupiya kang wis ana, ananging njarag ora ngagem teges mau lan banjur menèhi teges liya kanthi pangajap tembung kupiya iku supaya mengku teges warna-warna ora mung winates teges kang wis kapacak ing sajroné kamus utawa bausastra.
ATI: MANAH, GALIH, PRANA, WARDAYA, NALA
Ing sajroné basa Jawa ana sawatara tembung kang wis kaprah dianggo minangka dasanamané tembung ati, kayata: manah, galih, prana, wardaya, nala, kalbu. Sanajan dianggep mengku teges padha utawa mèh padha, ananging tembung-tembung iki panganggoné béda-béda. Tembung ati, upamané, dianggo ing tataran ngoko, manah dianggo ing tataran krama, galih dianggo ing tataran krama inggil, déné prana, wardaya, nala, lan kalbu
82