Kaca:Puspa Rinonce.pdf/92

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

tembung kupiya (tembung iki kalebu tembung kang arang dianggo ing basa padinan). Tembung kupiya kang ditanjihaké mau tinemu ing ukara mangkéné.

  1. (1). Satemené pamaréntah dhéwé uga wis kupiya ngayomi satwa apadéné taneman langka mau ....
  2. (2). Rahayuné isih ana sawenèhing pawongan apadéné bebadan kang kesdu cawé-cawé kupiya amrih rusaking alam iki ora kebanjur-banjur.
  3. (3). Jer kabèh mau minangka pelayanan kang gegayutan karo kupiya nuwuhaké kesadaran penyelamatan lingkungan ....
  4. (4). Kupiya nglestarèkaké aksara Jawa (irah-irahan karangan).
  5. (5). ... wis titi wanciné golèk kupiya kanggo nglestarèkaké budaya Jawa ....
  6. (6). Perda iku minangka gegaran kanggo nindakaké kupiya nglestarèkaké budaya Jawa.

Tembung kupiya kang kapacak ing ukara (1) lan (2) kalebu éwoning tembung kriya (verba), déné tembung kupiya kang kapacak ing ukara (3) — (6) kalebu éwoning tembung aran (nomina). Tegesé tembung kupiya ing ukara (1) lan (2 ) yaiku ’ngudi’, ’mbudidaya’, ’ngréka-daya’, utawa ’mersudi’. Tembung kupiya kang kapacak ing ukara (3), (4), lan (6) mengku teges ’pangudi’, ’pamersudi’, utawa ’pambudidaya’, déné tembung kupiya kang kapacak ing ukara (5) mengku teges ’sarana murih kaleksananing sedya’, ’rerigen’, utawa ’pratikel’.

Tembung kupiya kang tinemu ing ukara (1) - - (6) iku satemené ora padha tegesé karo tembung kupiya kang wis kelumrah kanggo ing basa Jawa. Tembung kupiya kang wis kaprah iku kalebu éwoning tembung aran (nomina) lan mengku teges (a) ’conto’, ’tuladha’, (b) ’pola’, ’tedhakan’, ’turunan’, ’ngèngrèngan karangan (gambar, bathikan, lan sapituruté) kang arep dicap (ditedhak utawa diturun)’, (c) ’lelakon kang wis dialami’ utawa ’kedadéan kang wis klakon’ (kang dianggo conto utawa piwulang). Kanthi mangkono, yèn ana tetembungan, upamané, “golèka kupiya kang prayoga”, tegesé ’golèka conto (tuladha) kang

81