Kaca:Puspa Rinonce.pdf/90

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

kapacak ing ukara (c) mengku teges ’peparing (pawèwèh) kang dijanjèkaké (dicadhangaké)’. Kajaba tembung bebana, ing ukara (d) ana tembung mbebana. Tembung iki kalebu éwoning tembung kriya (verba) kang kadhapuk saka tembung bebana olèh wuwuhan ater-ater m-. Déné tembung mbebana mengku teges ’ngasih-asih njaluk’. Lumrahé, tembung bebana lan mbebana mung dianggo ing basa éndah utawa basa susastra.

Kajaba tembung-tembung kang wis dirembug iku, ana tembung bebungah lan kekucah kang uga mengku anasir teges ’pawèwèh’. Tembung bebungah minangka tembung aran dhapukan dwipurwa saka tembung lingga bungah lan kalebu éwoning tembung ngoko. Déné tembung bebungah yèn dikramakaké dadi bebingah. Tembung kekucah uga minangka tembung aran dwi purwa kang kadhapuk saka tembung lingga kucah. Kekucah kalebu éwoning tembung krama ngoko.

Tembung bebungah iku minangka tembung padinan. Gerbané teges tembung bebungah yaiku ’pawèwèh (mirunggan) amrih kang diwènèhi dadi bungah atiné’. Pawèwèh kang diarani bebungah iku, upamané, pawèwèh saka bendara marang abdiné ing dina riyaya, pawèwèh mirunggan marang wong kang nyambut gawé sawisé rampung pagawéané (saliyané opah), lan sapituruté. Kanthi mangkono, bebungah iku bisa saka sapadha-padha.

Tembung kekucah iku kalebu éwoning tembung kang mung kelumrah dianggo ing basa éndah utawa basa susastra. Gerbané teges tembung kekucah yaiku ’pawèwèh utawa sih peparing saka pandhuwuran (bendara, ratu, lan sapituruté) marang andhahané (kawulané, abdiné, prajurité, lan sapituruté) kanthi mana suka’.


NINDITA-ANINDITA
Ana pitakon bab tegesé tembung nindita lan anindita, gandhèng ana tetembungan anak anung anindita' lan ana bocah kang dijenengi Priya Nindita.

Tembung nindita lan anindita iku asalé saka basa Sanskerta, kadhapuk saka tembung wod nid utawa nind. Tembung wod nid

79