Kaca:Puspa Rinonce.pdf/89

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

lestariné alas, njaga amrih lestariné kéwan-kéwan kang mèh cures, lan sapituruté, kajaba bakal olèh ganjaran saka Gusti Allah uga sok olèh ganjaran saka pamaréntah (awujud dhuwit, layang pangaji-aji, lan sapituruté). Kanthi mangkono, kang diarani ganjaran iku peparing (pawèh utawa pawèwèh) ora saka sapadha-padha, ananging saka kang luwih dhuwur, kayata, saka Gusti Allah, saka pamaréntah, saka sawijining bebadan, lan sapituruté.

Tembung nugraha tegesé mèh padha karo ganjaran. Bédané, tembung ganjaran asalé saka tembung Jawa Kuna gañjaran (gañjar + -an), yèn nugraha asalé saka tembung Sanskerta anugraha. Tembung anugraha (Sanskerta) dumadi saka anasir anu kang mengku teges ’sawisé’ lan graha (saka wod grah) kang mengku teges ’kecekel’. Gerbané, tembung anugraha kang banjur dadi anugrah utawa nugraha iku mengku teges ’peparing’ (pawèwèh) kang anggoné nampa (kecekel) sawisé nindakaké pakaryan (jejibahan, kabecikan, utawa lelabuhan). Kayadéné tembung ganjaran, peparing kang diarani nugraha iku asalé saka kang luwih dhuwur (Gusti Allah, pameréntah, bebadan, lan sapituruté), ora saka sapadha-padha.

Tembung bebana iku mengku teges ’peparing (pawèwèh utawa pawèh) kang sarana dijaluk utawa dijanjèkaké’. Panganggoné tembung iki, upamané, mangkéné.

  1. (a) Nggèr, dhawuhé Kanjeng Sultan iku lakonana, nanging nyuwuna bebana Alas Mentaok!
  2. (b) Bebana ingkang dipuntedha boten awujud bandha donya utawi drajat pangkat, Kanjeng, ananging putri dalem ....
  3. (c) Sapa wongé kang bisa ngentasi karya numpes kraman iki, nagaraningsun sigar semangka ingsun cadhangaké minangka bebanané.
  4. (d) Dèwi Sinta mbebana kidang kencana marang Prabu Ramawijaya.

Tembung bebana kang kapacak ing ukara (a) lan (b) mengku teges ’peparing (pawèwèh) kang dijaluk (diarep-arep)’, déné kang

78