Kaca:Puspa Rinonce.pdf/87

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Tembung inggih ing basa Jawa saiki kalebu éwoning tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung iya (ngoko). Ing basa padinan tembung iki asring dicekak dadi nggih, malah ing papan tartamtu, upamané, ing wilayah Yogyakarta, tembung inggih sok diucapaké injih /injIh/ utawa asring dicekak dadi njih /njIh/ déning masyarakat kono. Tembung ingih kang diucapaké dadi injih iku bener apa luput? Pitakon iki bisa diwangsuli kanthi katrangan mangkéné.

Basa Jawa iku darbèké masyarakat Jawa. Mesthi waé kang nemtokaké bener luputé utawa mekar tumangkaré basa Jawa iya masyarakat Jawa. Sanajan ing sajroné basa iku ana anasir kang satemené (yèn dinalar) luput, ananging yèn kabéh warganing masyarakat wis gelem nganggo lan nganggep bener, bab iku wis ora ana pakéwuhé. Contoné, ing basa Jawa Kuna ana tetembungan tan pamangan, tan panginum, tan panolih. Tetembungan iki ing basa Jawa saiki dadi tanpa mangan, tanpa nginum (tanpa ngombé), tanpa nolèh. Ing kéné cetha tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku yèn digathukaké utawa dijèjèraké karo tetembungan ing basa Jawa Kuna kang dadi sumberé katon gèsèh pedhotané. Sanajan tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku bisa diarani luput anggoné medhot, éwa semono kabèh warganing masyarakat Jawa wis gelem nganggo lan nganggep tetembungan mau bener. Mulané, tumekané saiki tetembungan tanpa mangan lan sapituruté iku kelumrah dianggo ing basa Jawa jalaran dianggep wis bener.

Béda karo tetembungan tanpa mangan lan sapituruté (sanajan luput nanging wis dianggep bener déning kabèh warganing masyarakat), pangucapé tembung inggih dadi inggih /injih/ iku mung winates ing masyarakat tartamtu lan durung kaprah tumrap sadhéngah warganing masyarakat Jawa (masyarakat Jawa iku ora mung winates kang dumunung ing Yogyakarta, nanging uga nyakup warganing masyarakat Jawa kang dumunung ing Jawa Tengah, Jawa Wétan, lan papan liyané). Kanthi mengkono, pakecapan inggih /inggih/ dadi injih /injih/ iku kalebu éwoning

76