~ Puspa Rinonce ~
- (3) Sampun dangu piyambakipun boten ngriki.
- (4) Piyambakipun manawi ngriki temtu wanci sonten.
Lumrahé, tembung mriki iku kanggo ngramakaké tembung mréné lan tembung ngriki kanggo ngramakaké tembung (ing) kéné. Kanthi mangkono, panganggoné tembung mriki ing ukara (1) lan (2) sarta ngriki ing ukara (3) lan (4) ora laras. Jalaran, ukara-ukara mau yèn dingokokaké manut tembung-tembungé kang dianggo dadiné mangkéné.
- (1a) Sowanku (tekaku) ing mréné iki, sapisan ….
- (2a) Lilanana aku ngadeg sawatara ing mréné lan nyela atur.
- (3a) Wis suwé dhèwèké ora (ing) kéné.
- (4a) Dhèwèké yèn (ing) kéné mesthi wayah soré.
Amrih laras karo ukarané, tembung mriki ing ukara (1) disalini nganggo tembung ngriki; utawa tembung mriki tetep dianggo kanthi ngilangi tembung ancer-ancer ing kang ana ing sangarepé. Samono uga tembung mriki kang kapacak ing ukara (2) kudu disalini tembung ngriki lan tembung ngriki ing ukara (3) lan (4) prayogané disalini tembung mriki. Kanthi mangkono, ukara-ukara mau wujudé banjur dadi mangkéné.
- (1b) Sowan kula ing ngriki punika, sapisan ….
- (1c) Sowan kula mriki punika, sapisan ….
- (2b) Kaparenga kula jejer sawatawis wonten ing ngriki saha sumela atur.
- (3b) Sampun dangu piyambakipun boten mriki.
- (4b) Piyambakipun manawi mriki temtu wanci sonten.
INGGIH – INJIH
Tembung inggih iku asalé saka tembung Kawi utawa tembung Jawa Kuna inggi kang tegesé ’ya’ utawa ’iya’. Tembung Jawa Kuna inggi (tanpa pungkasan h (/h/) ) kang banjur dadi inggih (mawa pungkasan h (/h/) ing basa Jawa saiki mangkono kuwi ora jeneng aèng jalaran ana tunggalé, kayata, gaja dadi gajah ’gajah’, dasi dadi dasih ’batur wadon’, lan wari dadi warih ’banyu’.
75