Kaca:Puspa Rinonce.pdf/76

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

purusa). Ing kéné kang ngajak guneman (aku utawa utama purusa) ngesoraké pribadiné kanthi madhakaké awaké dhéwé karo abdi utawa batur nganggo sebutan kawula. Tembung kawula kang dianggo sesulih utama purusa utawa wong kapisan (kula) kuwi kalebu éwoné tembung krama, ananging krama enggon-enggonan.

Andharan iki bisa digawé dudutan, mangkéné.

  1. Tembung kula lan kawula bisa dianggo gegantiné tembung sesulih utama purusa (wong kapisan).
  2. Tembung kula kalebu éwoné krama lumrah, tembung kawula kang ateges ’aku’ kalebu tembung krama enggon-enggonan.
  3. Tembung kula bisa dianggo ing tataran krama kanthi mardika ing sadhéngah papan lan kanggo sapa waé, déné tembung kawula kang ateges ’aku’ beciké mung dianggo, upamané, yèn ndonga utawa sembahyang, utawa yèn matur marang wong kang sesambungané asipat kawula – gusti, kayata, ratu.


KÉRATA BASA

Kérata basa yaiku bab negesi tembung utawa nggolèki surasaning tembung kapirid saka wancahané tembung utawa wandané tembung kang ditegesi mau, dijupuk cundhuk prayogané, diothak-athik, digathuk-gathukaké supaya mathuk. Tembung guru, upamané, yèn arep dikérata basa luwih dhisik kudu diwancah utawa dipecah didadèkaké wanda-wanda, yaiku dadi wanda gu lan wanda ru. Saben wandané tembung mau banjur diréka, dianggep kaya-kaya minangka tembung wod (tembung wod kuwi éwoning tembung kang mung dhapur sawanda), nuli diothak-athik diwènèhi teges kang gathuk lan mathuk karo tegesing tembung kang lumrah. Tembung guru kuwi mengku teges ’wong kang pagawéné mulang muruk ing pamulangan’. Tembung iki yèn dikérata basa bisa ditegesi ’digugu lan ditiru’, yaiku wanda gu diwènèhi teges rékan ’digugu’ lan wanda ru diwènèhi teges rékan ’ditiru’. Kanthi pangothak- athik, teges ’digugu lan

65