~ Puspa Rinonce ~
basa manca lan kabèh tembung kang asalé saka basa manca banjur dibuwangi, bokmanawa basa Jawa ora kena dianggo caturan ing jagating pasrawungan saiki. Pancèn wong Jawa kuwi ora gampang nampa sadhéngah tembung manca, ananging ora ateges emoh nampa babar pisan tembung-tembung saka basa manca. Wong Jawa yèn arep njupuk tembung saka basa manca (tembung anyar), racaké diétung luwih dhisik tuna lan bathiné, luwih dhisik digolèki ing sajroné basa Jawa wis ana apa durung tembung kang tegesé padha karo tembung saka basa manca mau, sawisé iku banjur dilelimbang pakecapané nggronjal apa ora, lan sapituruté. Kanthi mangkono, saben tembung manca kang arep dianggo ing basa Jawa kuwi luwih dhisik kudu disaring kanthi setiti, dilelimbang cocog lan orané teges sarta rasa basané, lan sabisa-bisa dilarasaké pakecapan sarta panulisé karo lagu lagéhan lan pranatan ing basa Jawa. Sanajan wis diréka kaya mangkono, éwasemono tembung-tembung saka basa manca kang dianggo ing basa Jawa iku tetep akèh, satemah ora gampang anggoné ngéling-éling lan muwuhi kangélané wong kang nyinau basa Jawa. Dadi, panganggoné tembung-tembung saka basa manca iku kajaba ana perluné uga ana risiko utawa pitunané.
Wong Jawa iku anggoné nyinau basané lumrahé mung adhedhasar basa lisan, kanthi cara ngrungokaké yèn ana wong caturan, ngrungokaké yèn ana wong sesorah, ngrungokaké yèn ana dhalang kojah, lan sapituruté, banjur nitèni utawa nyathet ing sajroné batin apa waé kang dianggep becik. Olèh-olèhané ngrungokaké lan nenitèni mau ing mengkoné banjur dianggo utawa ditiru nalika caturan, sesorah, lan sapituruté. Arang wong kang nyinau basané, kalebu tembung-tembungé, saka buku piwulang basa, saka buku palapuran asil panalitiné para ahli basa, utawa saka bausastra (kamus). Jalaran anggoné nyinau basa Jawa iku akèh-akèhé mung adhedhasar basa lisan kanthi cara ngrungokaké (ora dicathet nganggo tulisan), mesthi waé panampané bisa seling surup tur yèn lali ora bisa dibalèni. Awit, basa lisan iku gampang ilang, bakda diucapaké wis ora ana
62