Kaca:Puspa Rinonce.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

DALEM – ADALEM
Wong (bocah) yèn ditimbali (diundang) déning wong tuwa utawa wong kang kudu diajèni (diurmati), ana kang anggoné wangsulan mangkéné, “kula, Pak… “, “kula, Bu …”, “kula, Dèn …”, “dalem, Pak …”, “dalem, Bu …”, “dalem, Dèn …”, lan sapituruté. Tembung dalem kang dianggo miwiti ukara wangsulan iku mau apa padha tegesé karo tembung kula lan panganggoné tembung mau apa wis laras karo parama basa Jawa? Kanggo mangsuli pitakon iki perlu katrangan rada rowa, mangkéné.

Tembung dalem iku kalebu éwoning tembung polisemi. Kaéwokaké tembung polisemi jalaran tembung iki mengku teges warna-warna utawa pirang-pirang lan béda-béda. Amrih cetha, ing ngisor iki kapacak sawatara warna-warnané teges tembung dalem (krama inggil dicekak ki, krama ngoko dicekak kn, tembung engon-engonan (dhialèk) dicekak engg, déné tegesing tembung utawa ukara diapit nganggo tandha ’…’).

  1. dalem ki ’omah’; dalem ageng ki ’omah gedhe’, ’omah pokok’ (dudu omah gandhok, pringgitan, pandhapa, èmpèr, lan sapituruté); dedalem ki ’manggon’, ’dedunung’, ’omah-omah: dedalem ing kitha ’dedunung (manggon, omah-omah) ing kutha’
  2. dalem kn (a) ’(ing) sajroné wektu (mangsa)’: dalem sesasi mulih sepisan ’sajroné wektu sesasi mulih sepisan’; (b) ’saben’ dalem sekiloné dibayar Rp100,00 ‘saben sekiloné dibayar Rp100,00’
  3. dalem ki (a) ’-mu’: putra dalem ‘anakmu’; (b) ’-é, -né’ (tumrap panjenengané ratu): kagungan dalem gangsa ’gamelan duwèké ratu’, gamelané Sang Prabu’: (c) (utawa adalem) ’aku, -ku’: dalem (adalem) nyuwun pamit ’aku njaluk pamit’, anak dalem (adalem) punika saweg umur tigang taun ’anakku iki lagi umur telung taun’
  4. dalem kn engg ’njero, sajroné’: piwulang kang kapacak ing dalem kitab ’piwulang kang kapacak ing sajroné (njero) kitab’

Ing pratélan iki bisa disumurupi manawa tembung dalem iku bisa mengku teges ’-mu’, yaiku sesulih pandarbé madyama

59