Kaca:Puspa Rinonce.pdf/67

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

  1. dumunung ing wanda pungkasané tembung mau nganggo e (pepet). Lira-liruné tembung piyambak – piyambek utawa kiyambak – kiyambek satemané uga ora ngijèni, ananging ana tunggalé, upamané, ditekak – ditekek, keselak – keselek, ngidak – ngidek, picak – picek, dhedhak – dhedhek, kebak – kebek.

Sanajan tembung-tembung piyambek, kiyambek, ditekek, keselek, ngidek, picek, dhedhek, lan kebek iku kelumrah dianggo déning masyarakat, ananging tembung-tembung mau mung winates ing basa lisan ing wilayah-wilayah tartamtu. Kanthi mangkono, tembung piyambek, kiyambek, ditekek, keselek, lan sapituruté iku kalebu éwoning tembung enggon-enggonan, dudu tembung kang baku.

Kanthi katrangan iki bisa disumurupi bédané tembung piyambak lan kiyambak. Tembung piyambak kalebu éwoné tembung kang baku, déné kiyambak ora kalebu tembung kang baku.


TEGESÉ TETEMBUNGAN “WIWARARUKMI”

Pagelaran macapat iku minangka udyana kang becik banget kanggo ngipuk-ipuk amrih mekar tumangkaré basa lan sastra Jawa. Liré, pagelaran macapat iku kajaba bisa kanggo nggegulang seni tembang, uga bisa minangka sarana dhudhah-dhudhah kagunan adiluhung kang pinacak ing sajroné susastra Jawa lan uga nyinau basané. Bab iki bisa disumurupi jalaran ing pagelaran macapat sawisé layang wacan ditembangaké lumrahé banjur dirembug apa isiné layang wacan mau lan uga dirembug tegesing sawatara tembung utawa tetembungan kang dianggep peteng utawa angèl. Pagelaran macapat kang cak-cakané kaya mangkono iku racaké ditindakaké déning pakumpulan macapatan kang wargané ajeg lan uga ajeg nganakaké pagelaran. Kajaba kuwi, ing saben pagelaran macapat mesthi ana wong kang dianggep mumpuni utawa ahli ing babagan basa lan sastra Jawa kang bisa dadi paran pitakonan utawa parampara yèn ana bab-bab kang perlu dirembug. Temahan, yèn ana bab-bab kang dadi

56