Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/65

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

tembung piyambak kawiwitan swara /p/ lan tembung kiyambak kawiwitan swara /k/; sarta teges lan panganggoné uga padha, yaiku kanggo ngramakaké tembung dhéwé. Mula ora mokal yèn banjur ana pitakon, “Endi tembung kang bener, kiyambak apa piyambak?

Satemené pitakon iku bisa diwangsuli kanthi cekak aos, “Kabéh tembung mau bener, manut empan lan papané.” Nalaré, basa iku darbèké masyarakat. Beciké basa, bener lan luputé basa, sarta mekar tumangkaré basa iku kang nemtokaké ya masyarakat kang nduwèni basa iku mau. Mula, yèn ana tembumg utawa tetembungan kang wis kelumrah dianggo déning masyarakat lan ora ana saru sikuné, tembung utawa tetembungan mau mesthi waé wis dianggep bener déning masyarakaté, yaiku masyarakat kang nduwèni basa mau. Malah ing wilayah tartamtu, upamané, ing wilayah Kebumèn, tinemu tembung piyambek lan kiyambek. Tembung loro iki kelumrah dianggo ing pasrawungan saben dinané minangka lira-liruné tembung piyambak lan kiyambak. Mesthi waé tembung piyambek lan kiyambek iku dianggep bener déning masyarakat ing wilayah mau.

Sawijining téori nyebutaké, yèn ana tembung loro utawa luwih kang béda wujudé utawa béda pakecapané, tembung-tembung mau mesthi ana bédané. Bédané tembung-tembung mau bisa dumunung ing teges utawa maknané, rasa basané, asal-usulé, utawa panganggoné. Jalaran tembung piyambak, kiyambak, piyambek, lan kiyambek iku kabèh dianggep bener, teges lan panganggoné uga dianggep padha, yaiku kanggo ngramakaké tembung dhéwé, bédané wujud utawa pakecapan tumrap tembung-tembung mau banjur mbédakaké apa?

Pitakon iki ora bisa diwangsuli kanthi cekak aos kaya pitakon sadurungé. Kanggo mangsuli pitakon iki butuh katrangan rada rowa, mangkéné.

  1. Tembung piyambak asalé saka tembung Jawa Kuna prihambak kang ateges ’dhéwé’. Basa Jawa Kuna iku ing sakawit utawa asliné ditulis nganggo aksara Jawa Kuna. Kanggo nglatinaké

54