Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/64

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Basa Kawi Basa Sanskerta Basa Jawa
Ngoko Krama
pitu wêlas saptadasa pitulas pitulas
wwalu wêlas astadasa wolulas wolulas
sanga wêlas nawadasa sangalas sangalas
rwang puluh wimsati rong puluh kalih dasa
salikur ekawingsati selikur selikur
rwalikur dwawingsat rolikur kalih likur
têlulikur triwingsat telu likur tiga likur
pad likur caturwingsat pat likur kawan likur
lima likur pañcawingsat selawé selangkung
têlung puluih tringsat telung puluh tigang dasa
patang puluh catwaringsat patang puluh kawan dasa
limang puluh pañcaringsat sèket sèket
nêmang puluh sasti sewidak sewidak
pitung puluh saptati pitung puluh pitung puluh
wwalung puluh asiti wolung puluh wolung puluh
sangang puluh nawati sangan puluh sangang puluh

Saka cathetan iki bisa disumurupi manawa pañcadasa iku ing basa Sansekerta ateges ’limalas’, déné kang ateges ’sèket’ iku pañcaringsat. Dadi, tetembungan panca dasa warsa iku yèn kapirid saka asalé mengku teges ’limalas taun’, dudu ’sèket taun’. Manawa panca dasa warsa kuwi sing dikarepaké padha karo ’sèket taun’, tri dasa padha karo ’telung puluh’, lan sapitiruté. Bab iku ateges blegeré (wujud utawa dhapukané) basa Jawa, mung tetembungané nyilih basa Sansekerta.


ENDI KANG BENER: “KIYAMBAK” APA “PIYAMBAK”?

Kajaba tembung piyambak, ing sajroné basa Jawa uga ana tembung kiyambak. Tembung loro iki jinis utawa golongané padha, yaiku kalebu éwoné tembung pronominal; wujud utawa blegeré mèh padha mung béda pakecapan ing wiwitané tembung, yaiku

53