Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

kang asalé saka basa Sanskerta asring uga ana tuna dungkapé. Sawenèhé dhalang, upamané, ngojahaké déwa cacah telung puluh kang (kabèh) darbé watak sanga kanthi tetembungan déwa tri dasa awatak nawa. Tembung tri dasa kang dikarepaké déning dhalang mau cetha yèn kanggo nyalini tembung telung puluh. Ing mangka, tembung tri dasa iku asliné ateges ’tetulas’. Semono uga tetembungan panca dasa warsa ing jaman saiki ana kang negesi ’sèket taun’, ing mangka tetembungan mau ing basa Sanskerta tegesé ’limalas taun’. Amrih cethané, ing ngisor iki dipacak urut-urutané tembung wilangan ing basa Kawi, Sanskerta, lan basa Jawa saiki.

Basa Kawi Basa Sanskerta Basa Jawa
Ngoko Krama
tunggalekaSijisatunggal
rwa (dwa)dwi (dwa)Lorokalih
têlu (tiga)triTelutiga
pat (papat)caturPat, papatsekawan
limapancaLimagangsal
nêmsadnem, enemnem, enem
pitusaptapitupitu
wwaluastawoluwolu
sanganawasangasanga
sepuluhdasasapuluhsadasa
sawêlasekãdasasewelassewelas
rwa wêlasdwadasarolaskalih welas
tiga wêlastrayodasa/tridasatelulastiga welas
pad wêlascatudasapatbelaskawan welas
lima wêlaspañcadasalimalasgangsal welas
nêm wêlas/-nêm bêlassodasanembelasnembelas

52