Kaca iki wis divalidasi
~ Puspa Rinonce ~
klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Klèra-klèru utawa cawuhé panganggoning tembung iku ora mung winates ing ukara tanduk (aktif) nanging uga ing ukara tanggap (pasif). Contoné, mangkéné.
- (1a) Aku ora bisa nyaosi apa-apa marang Pak Lurah.
- (1b) Aku ora bisa maringi apa-apa marang Pak Lurah.
- (2a) Bénjing kula nyaosi kabar dhumateng panjenengan.
- (2b) Bénjing kula maringi kabar dhumateng panjenengan.
- (3a) Buku kalih punika ingkang satunggal badhé kula caosaken Pak Danu, satunggalipun malih badhé kula caosaken Pak Umar.
- (3b) Buku kalih punika ingkang satunggal badhé kula paringaken Pak Danu satunggalipun malih badhé kula paringaken Pak Umar.
- (4a) Bu, sopipun dèrèng kula sukani sarem, lho!
- (4b) Bu, sopipun dèrèng kula caosi sarem, lho!
- (4c) Bu, sopipun dèrèng kula paringi sarem, lho!
- (5a) Bu, sop punika sampun panjenengan paringi sarem punapa dèrèng?
- (5a) Bu, sop punika sampun panjenengan sukani sarem punapa dèrèng?
Manut paugeran, tembung nyaosi (takcaosi, kula caosi, dipuncaosi, kula caosaken, dipuncaosaken, lan sapituruté) iku dianggo guneman tumrap
- (a) anak katujokaké marang wong tuwa (bapa biyung),
- (b) wong enom katujokaké marang wong kang awuné utawa umuré luwih tuwa,
- (c) murid katujokaké marang guru,
- (d) andhahan katujokaké marang pandhuwuran,
- (e) padha-padha kanca kang durung pati rumaket, utawa
- (f) padha-padha kanca kang wis rumaket ananging perlu ngajèni sawatara.
48