~ Puspa Rinonce ~
tembung nimbali lan ngaturi iku béda utawa dibédakaké. Panganggoné tembung ngaturi itu, ing antarané
- (a) tumrap wong enom marang wong tuwa utawa wong kang luwih tuwa,
- (b) tumrap murid marang guru,
- (c) tumrap andhahan (karèhrèhan, abdi) marang pandhuwurané (bandarané), lan
- (d) tumrap pawongan marang kanca utawa wong liya sababagané, luwih-luwih kang srawungé durung pati raket, kang kudu diajèni.
Déné panganggoné tembung nimbali iku minangka kosok baliné panganggoning tembung ngaturi, yaiku
- (a) trumrap wong tuwa marang wong kang luwih enom kang wis kulina banget,
- (b) tumrap wong tuwo marang anak, putu, buyut, prunan, lan sapituruté, lan
- (c) tumrap pandhuwuran (panggedhé, bandara) marang andhahan (karéhréhan, abdi, lan sapituruté).
Adhedasar paugeran iki, panganggoné tembung nimbali lan ngaturi kang bener yaiku ing ukara (1b), (2b), (3b), lan (4b).
KERANTEN WEKDAL … PEPANGGIHAN DIPUNMILAI
Ana wong kang mbuka sawijining parepatan dhusun kanthi ukara kurang luwih mangkéné, “Para rawuh, warganing dhusun ingkang kula tresnani, keranten wekdal sampun dalu, sumangga pepanggihan punika tumanten dipunmilai!” Bab kang perlu olèh kawigatèn ing kéné dudu bab racikaning ukara, ananging bab panganggoné tembung keranten lan dipunmilai.
Tembung keranten ing ukara iku kanggo ngramakaké tembung karana (kerana utawa krana). Ing kéné perlu disumurupi manawa tembung karana (kerana, krana) kuwi kalebu èwoné tembung krama ngoko, yaiku golonganing tembung kang wis bisa dianggo ing basa tataran ngoko lan krama tanpa ngowahi utawa
46