Kaca:Puspa Rinonce.pdf/56

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

dhéwé-dhéwé kanggo mahyakaké cacah utawa akèhing barang. Contoné, mangkéné (kanggo nggampangaké anggoné nulis, basa Arab ing kéné ditulis nganggo aksara Latin).

Bahasa Arab Bahasa Jawa
1. Illa arwahi ahlil qubuuri … 1. Dhumateng arwahipun ahli kubur …
1a. Dhumateng rohipun para ahli kubur…
1b. Dhumateng roh-rohipun (para) ahli kubur…
1c. Dhumateng sadaya rohipun (para) ahli kubur…
2. Illa ruhi Almarhumah Ummi… 2. Dhumateng rohipun Almarhumah Ibu…

Ing kéné bisa digawé dudutan, sing baku, yèn nyebut ‘nyawa kang cacahé mung siji’ beciké ora nganggo tembung arwah.


NIMBALI-NGATURI
Tembung nimbali lan ngaturi iku tegesé padha karo tegesing tembung ngundang, yaiku (a) ‘akon mara’, ‘nyeluk’, (b) ‘nyebut’, (c) ‘ngulemi’ utawa’nyuruhi’. Bédané, tembung nimbali lan ngaturi kalebu éwoné tembung krama ngoko. Mbokmenawa amarga tatarané padha, ing jaman saiki panganggoné tembung nimbali lan ngaturi iku sok cawuh utawa klèra-klèru, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Contoné mangkéné.

  1. (1a) Bu Guru, kala wau punapa saèstu ngaturi kula?
  2. (1b) Bu Guru, kala wau punapa saèstu nimbali kula?
  3. (2a) Pak Lurah punika menawa ngaturi kula ngagem tembung ‘Thole’.
  4. (2b) Pak Lurah punika menawi nimbali kula ngagem tembung ‘Thole’.
  5. (3a) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih ngaturi kula sakanca.
  6. (3a) Rikala kagungan kersa mantu Pak Nata inggih nimbali kula sakanca.
  7. (4a) Aku arep nimbali Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.
  8. (4a) Aku arep ngaturi Bu Guru supaya mriksani kadadéan iki.

Manut paugeran, sanajan teges lan tataran ing unggah-ungguhing basa padha, ananging panganggoné utawa trap-trapané

45