~ Puspa Rinonce ~
ROH-ARWAH
Ing sajroné basa Jawa kejaba ana tembung roh, uga ana tembung arwah. Panganggoné tembung loro iki sok digebyah uyah utawa dicaruk banyu. Liré, tembung roh lan tembung arwah iku anggoné nganggo asring lira-liru kanthi mardika, ora dibédakaké. Bokmanawa tembung loro mau dianggep padha teges utawa maknané. Buktiné, ing upacara sripah utawa ing kalodhangan liyané sok ana wong (panatacara, juru sesorah, kaum utawa modin) kang gawé ukara, upamané, mangkéné.
- (1) Para tamu, mugi wonten keparengipun kula dhèrèkaken ngunjukaken pandonga kagem arwahipun Almarhum Bapak …
- (2) Kanthi pandonga kala wau, mugi-mugi anggènipun sowan rohipun Almarhum Bapak … wonten ing Ngarsa Dalem Allah …
- (3) Ziarah kubur iku, sing baku, ndongakaké arwahé para leluhur kang sumaré ing kono.
- (4) Ndongakaké rohé para leluhur kuwi ora kudu ana ing kuburan.
Panganggoné tembung roh lan arwah ing ukara-ukara iki mau wis trep apa durung?
Tembung roh lan arwah iku asalé saka basa Arab. Tembung loro mau tegesé padha karo nyawa, yaiku ‘dat kang njalari urip’. Bédané, tembung roh iku mengku teges ‘nyawa kang cacahé mung siji’, déné tembung arwah mengku teges ‘nyawa kang cacahé akèeh’. Kanthi mangkono, yèn kang dikarepaké iku ‘nyawa kang cacahé mung siji’ anggoné nyebut beciké nganggo tembung roh. Déné yèn kang dikarepaké iku ‘nyawa kang cacahé akèh’, anggoné nyebut prayogané nganggo tembung arwah supaya laras karo maknané tembung ing basa asalé. Kanthi mangkono, panganggoné tembung arwah ing ukara (1) iku ora trep jalaran kang dikarepaké ing ukara mau arwah kanggo nyebut ‘nyawa kang cacahé mung siji’. Tembung kang trep tumrap ing ukara (1) iku tembung roh, kaya kang tumrap ing ukara (2). Ing kéné uga perlu disumurupi manawa basa Jawa lan basa Arab kuwi duwé cara
44