Kaca:Puspa Rinonce.pdf/54

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

tinimbang tembung dipendhem awit tembung dipunpetak kuwi kalebu tembung krama utawa tembung urmat.

Tembung dikubur iku kadhapuk saka tembung lingga kubur. Tembung kubur asalé saka tembung Arab qubuuran kang tegese ‘pendhem’ utawa ‘kubur’. Dadi, tembung dikubur kuwi tegesé padha karo ‘dipendhem’. Jalaran asalé saka basa manca lan bokmanawa durung dhamang temenan tegesing tembung mau, déning masyarakat tartamtu tembung dikubur rasa basané dianggep luwih alus sathithik tinimbang dipendhem.

Tembung dimakamaké kadhapuk saka tembung lingga makam oleh wuwuhan di-/aké. Tembung makam asalé saka tembung Arab maqom kang tegesé ‘papan’, ‘panggonan’, ‘kalenggahan (drajat) kang anggoné olèh kanthi laku kang abot (tumrap kyai sufi)’. Tembung maqom kang mengku teges ‘kalenggahan’ iku, upamané, ing ukara, ‘Maqomé Kyai A kuwi luwih dhuwur tinimbang maqomé Kyai B’. Tembung maqom ing ukara iki tegesé ‘drajad kalenggahan’ dudu ‘papan’ utawa ‘panggonan’. Kanthi katrangan iki bisa disumurupi yèn tembung dimakamaké (ngoko) utawa dipunmakamaken (krama) tumrap layon iku manawa ditlusur saka basa asalé mengku teges ‘dipapanaké’ utawa ‘didokok ing panggonan’. Déné karepé, layon iku ‘dipapanaké’ ing panggonan kang langgeng’, yaiku ‘kuburan’.

Kajaba tembung-tembung mau, ana manèh tembung kang luwih alus utawa luwih urmat kanggo nyebut ‘dipendhem’ tumrap layon, yaiku disarèkaké utawa dipunsarèkaken. Tembung disarèkaké (dipunsarèkaken) iku kalebu tembung krama inggil kang mengku teges wantah ‘diturokaké’. Déné teges ‘dikubur’ utawa ‘dipendhem’ ing tembung mau kalebu teges éntar. Dadi, panganggoné tembung disarèkaké (dipunsarèkaken) tumrap layoné wong kang perlu diajèni iku laras karo rasa urmat jalaran layon ing kéné dianggep (dipindhakaké) wadhag kang saré (turu) lan layon kang dikubur dipindhakaké wadhag kang disarèkaké (diturokaké).

43