Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

- para luhur:
  1. wong-wong kang isih darahing ratu;
  2. wong-wong kang utama bebudèné
- para jamhur: wong-wong kang pinunjul ing kawruh;
- leluhur : wong kang nurun-nurunaké;
- leluwur: wong (wong-wong) kang nurun-nurunaké, ananging wis ora ana (saiki wis mati);
- para tamu : wong-wong kang rawuh (teka) ing kono; dhayoh;
- (para) pepundhèn: wong (barang) kang dipundhi-pundhi (sesembahan).


PARA TAMU…, KEPARENGA KULA NGADEG (JUMENENG) SAWATAWIS….
Tembung ngadeg manut paugeran kalebu éwoning tembung krama ngoko, yaiku golonganing tembung kang bisa dianggo ing tataran ngoko lan ing tataran krama tanpa luwih dhisik ngowahi utawa nyalini wujuding tembung mau. Contoné, mangkéné.

  1. (1a) Adhiku lagi bisa mbrangkang, durung bisa ngadeg. (ngoko)
  2. (1b) Adhi kula saweg saged mbrangkang, dèreng saged ngadeg. (krama)

Ukara (1b) iku kanggo ngramakaké ukara (1a) lan manut paugeran dianggep bener, rasa basané uga dianggep wis laras. Ananging ing jaman saiki ana wargananing masyarakat kang nganggep yèn tembung ngadeg iku sejajar karo tembung ngoko temahan ora laras rasa basané yèn dianggo ing tataran krama, luwih-luwih yèn dipacak ing ukara kang jejering ukara mau utama purusa (sesulihé wong kapisan), kayata, kula, kawula, adalem, abdi dalem kawula. Upamané, mangkéné.

  1. (2a) Para tamu ingkang minulya, keparenga kula ngadeg sawatawis wonten ing ngarsa panjenengan sadaya saha sumela atur.

Sanajan ora nyebal saka pranatan, ukara (2a) iki lumrahé diarani degsura (ora ngerti tata krama) jalaran migunakaké tembung ngadeg. Amrih rasa basané ora nggronjal, ana sawenèhing wong

40