~ Puspa Rinonce ~
| sagunging putra wayah tuwin para wiranèm sadaya, lan sapituruté). | ||
| - | Bapak-bapak sarimbit Ibu-ibu ingkang dahat kinurmatan. | |
| - | Para kadang (para sadhèrèk), inggih ingkang kapernah werdha tuwin mudha, saha anak-anak kula kakung putri ingkang saèstu kula tresnani …. |
Bab panyebuté para tamu kanthi tlesih mangkono kuwi kena waé, ananging yèn dibolan-balèni tundhoné njuwarèhi (mboseni) tur ngentèk-entèkaké wektu. Kajaba kuwi, ing babagan panyebuté para tamu iku perlu digatèkaké (1) ana lan orané tamu kang bakal disebut (yèn lurahé ora rawuh, upamané, ya ora perlu disebut; yèn ing kono ora ana tamu kang pantes disebut anak-anak, ya ora perlu nyebut anak-anak kula, lan sapituruté), (2) anggoné nganggo tembung kudu sing bener (tembung leluhur lan para leluwur, upamané, sanajan tembung asalé padha, ananging tegesé wis béda; tembung leluhur lan leluwur, sanajan ing sakawit tegesé padha nanging cak-cakané saiki wis béda), (3) aja nganti nganggo tembung-tembung mung apalan (marga tiru-tiru) ananging ora mangerti maknané. Amrih ora kléra-klèru, ing ngisor iki diterangaké teges utawa maknané sawatara tembung kang asring dianggo nyebut para tamu.
| - | para sepuh: | |
| wong-wong (tamu) kang umuré pancèn wis kagolong tuwa | ||
| - | pinisepuh: | |
| wong kang dianggep tuwa (sok dadi juru rembug, lan sapituruté) | ||
| - | sesepuh: | |
| ||
| - | kasepuhan: | |
|
39