Kaca:Puspa Rinonce.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

gunggung, cacah, lan (a)kèhé. Tembung gunggung lan cacah kalebu tembung krama ngoko, déné tembung kèhé kalebu tembung ngoko lan tembung iki yèn dikramakaké dadi kathahipun.

Tembung sedanten ing ukara mau kanggo ngramakaké tembung kabèh. Pancèn bener tembung kabèh iku kalebu tembung ngoko, ananging manut pranatan kramané tembung kabèh kuwi sadaya, dudu sedanten. Kanthi mangkono, cetha yèn tembung sedanten iku malah kanggo ngramakaké tembung sadaya (sedaya), ora kanggo ngramakaké langsung saka tembung kabèh. Jalaran tembung sedaya iku kalebu tembung krama baku, mula tembung sedanten kena diarani tembung krama kang nyebal saka paugeran utawa tembung krama enggon-enggonan. Tembung krama kang wis baku ora kena dikramakaké manèh.

Kanthi katrangan iki, ukara kang kapacak minangka irah-irahan mau bisa didandani, upamané, mangkéné.

  1. (1) Gunggungipun sadaya wonten tigang atus.
  2. (2) Cacahipun sadaya wonten tigang atus.
  3. (3) Kathahipun sadaya wonten tigang atus.


TEMBUNG-TEMBUNG KANG LUMRAHÉ KANGGO NYEBUT PARA TAMU
Ing sajroné sesorah ana sawenèhing panata cara utawa juru sesorah kang kumudu-kudu nyebut utawa ngaturi sawiji-wijiné para tamu kanthi tlesih, ing pangajab amrih aja nganti ana tamu kang gerah panggalihé amarga ora disebut banjur rumanggsa dikiwakaké. Anggoné nyebut utawa ngaturi tamu kuwi lumrahé diurutaké adhedhasar kalenggahan utawa pepangkatané wiwit kang dhuwur dhéwé mangisor, utawa adhedhasar yuswa utawa umuré. Adhedhasar jejer kalenggahané diurutaké, upamané, bupati, camat, lurah, dhukuh (kepala dhusun), lan sapituruté; adhedhasar umur kasebut wiwit kang sepuh nganti kang enom dhéwé. Panyebuté para tamu adhedhasar umur iki, upamané, mangkéné.

- Para sepuh ingkang minangka pancering lelenggahan (ingkang dahat binektènan, ingkang sinudarsana tinulad tinuladha déning

38