Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/45

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

sapanunggalané), lan (3) ‘ari-ari’. Kanthi mangkono, cetha yèn tembung réncang kuwi ora trep jalaran réwang utawa réncang kang tegesé padha karo kanca kuwi ora ana, déné ana kang tegesé padha karo batur. Pancèn ana tembung batur utawa batir kang tegesé padha karo kanca, ananging panganggoné tembung iki asipat enggon-enggonan (dhialèktis).

Satemené tembung kanca kuwi kalebu éwoning tembung krama ngoko. Tembung-tembung krama ngoko kuwi éwoning tembung kang bisa dianggo ing tataran ngoko lan ing tataran krama tanpa kudu ngowahi utawa ngganti wujuding tembung-tembung mau. Jalaran kalebu tembung krama ngoko, mula tembung kanca bisa dianggo ing tataran ngoko lan uga ing tataran krama tanpa kudu ngowahi utawa ngganti wujuding tembung mau. Kanthi mangkono, ukara ing dhuwur mau beneré mangkéné. Kula sakanca nyuwun pamit.

Amrih cetha, ing ngisor iki dipacak sawatara conto panganggoné tembung réncang, réwang, lan kanca.

  1. 1. Mengko aku arep ngajak kanca telu.
  2. 1a. Mangké kula badhé ngajak kanca tiga.
  3. 2. Bocah kaé mau kancaku sekolah, Pak.
  4. 2a. Laré punika wau kanca kula sekolah, Pak.
  5. 3. Ibu lagi réwang nèng dalemé Bu Nata.
  6. 3a. Ibu saweg réncang wonten ing dalemipun Bu Nata.
  7. 4. Aku arep ngréwangi Mas Yanto nata buku.
  8. 4a. Kula badhé ngréncangi Mas Yanto nata buku.
  9. 5. Aku arep ngancani Kang AIi tunggu omah.
  10. 5a. Kula badhé ngancani Kang Ali tengga griya.
  11. 6. Bocah iki mau réwangipun Bu Nata?
  12. 6a. Laré punika wau réncangipun Bu Nata?


JAGAT RAYA

Ana wong kang nulis tembung jagat ing tetembungan jagat raya kanthi sigegan aksara t ing pungkasaning tembung lan ana uga wong kang nulis tembung mau kanthi sigegan aksara d,

34